MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Aneka Juru Demung

Jurudemung


1.     Prajuritingsun prawira,
ambeg sura wani lampus,
tan nate ngucireng pupuh,
tatag tanggone kanyatan,
tresna bangsa gung alabuh,
toh jiwa ngurbanken brana,
tuhu kasatriyanipun.

2.     Keh satriya matyeng rana,
kapagut madyaning pupuh,
ndhepani tanah rahipun,
asmane arum angambar,
pahlawan bangsa kang gugur,
kusumaning kamardikan,
kang mbengkas nyirnakken mungsuh.-

Aneka Girisa

Girisa

[ suluk sukarsa ]

1.     Sastra gumelar ing jagad,
kang atuduh pangawikan,
kang wruh ing tuduh sampurna,
tan ana ireng lan pethak,
yen sira sampun waspada,
lumampaha alon-lonan,
kibirira lan sumungah,
ujub loba singgahana.

2.     Ki Sukarsa wus alayar,
ing sakathahing sagara,
margane tekeng makripat,
tanpa etang urip pejah,
damare murub tan pejah,
panganggo mulya tan rusak,
asangu tan kena telas,
angungsi ing desa jembar.

3.     Ki Sukarsa dennya layar,
parau sabar darana,
salat mangka tiangira,
kinamudhen pangawikan,
linayaran amangun hak,
winelahan niyat donga,
den satangi anenedha,
den pulangi lawan tobat.

4.     Den labuhi sukurrulah,
den taleni lan kana’at,
den pulangi lan wicara,
den damari lan makripat,
Ki Sukarsa dennya layar,
wus tekeng sagara rachmat,
kawasa denira layar,
wus tekeng sagara “ ora “.-

- Suluk Sukarsa : Sunan Bonang

Aneka Gambuh

Gambuh


1.     Den gambuh ing pitutur,
marang kanca rukun sih satuhu,
aja sira ngendelke lamun kinasih,
engeta ing kalanipun,
duk prapta saking ing dhukoh.

2.     Lan sembah sungkemipun,
mring Hyang Suksma elinga sireku,
apan titah sadaya amung sadremi,
tan wenang sira andhaku,
kabeh kagungan Hyang Manon.

3.     Murwane sira sagung,
aneng ndonya ywa kongsi kaugung,
dipun becik mring sesamaning dumadi,
supaya nora keduwung,
mrih rahayuning lelakon.

4.     Urip praptaning lampus,
sayekti tan kuciwa winuwus,
lair batin sayekti tan madal sumbi,
iku sujanma pinunjul,
tan kewran tumekaning don.

5.     Bayata wus ginambuh,
para umat denira tumuwuh,
de samangkya pan wus ana den arani,
sirna petenging priya gung,
saking marmaning Hyang Manon.

6.     Amung kari nyenyuwun,
widadanya ngungkuli kang sampun,
ayem tentrem akanthi suka basuki,
makaten pamintanipun,
pra sujanma jroning batos.

  

 

Gambuh


1.     Miyak paseban maju,
ngabyantara lenggah mari kelu,
kang wadana pan yayah konjem pratiwi,
jroning nala ngayun-ayun,
wijiling sabda sang katong.

2.     Sagung nayakanipun,
utamining mituhu ing dhawuh,
dahat ngestokaken sabda sang narpati,
tan nedya suwaleng kayun,
kawula muhung cumadhong.-


Gambuh


1.     [ rusak ] Surak rame gumuruh,
mawurahan lir prabata rubuh,
samya myating yudana wong kalih,
tana ana ingkang keplayu,
sagung madyaning palugon.

2.     Sigra cancut gumregut,
ngembat watang ngrabaseng prang pupuh,
tangkep jaja kantaran bahu sayekti,
dhenga lena prapteng lampus,
sirna madyaning palugon.

3.     Musti sanjata sampun,
munggwing asta bedhor katon murub,
sarwi sumbar pan yayah
mbengkahna bumi,
dhenga lena kang tinempuh,
tinrajang mrih prapteng layon.-

Gambuh


1.     Ywa kongsi sira manuh,
anyekekreg karo ngekep dhengkul,
aneng kebon ngobong uwuh api-api,
beteke adheme njekut,
awak atis anjedhodhog.

2.     Yen tangi esuk-esuk,
luwih becik njranthal banjur metu,
olah raga aba dhewe clumak-clumik,
ndegeg ndhaplang ndhetheng ndhingkluk,
iku bisa nglatih otot.

3.     Olah raga pan perlu,
nglatih awak ndudut balung sungsum,
awak waras ora tansah krasa atis,
napas anter ora mengguk,
awak kiyeng ora kendhor.-



Aneka Durma

Durma


1.     Kantar-kantar urubing rasa
mardika,
lir sundhul ing wiyati,
horeg jagad raya,
geter pater puyengan,
kaprungu swara dumeling,
Indonesia,
nedya mandhireng dhiri.

2.     Gregah tangi nedya uwal
sing jajahan,
gumregut nggegirisi,
nyandhak kang gegaman,
tumbak keris myang pedhang,
palu arit bambu runcing,
siyap siyaga,
umagut madyeng jurit.

3.     Duk samana alame parentah
Jepang,
ingkang angkareng kapti,
tinempuh ing rakyat,
swuh tan mangga puliha,
rusak sinapu agusis,
genti tinawan,
kang nglawan akeh mati.

4.     Ping pitulas Agustus penget
taunnya,
sewu sangang atus twin,
patang puluh lima,
Indonesia merdika,
den proklamirken sabumi,
sineksen samya,
madeg nagri pribadi.-



Durma


Paman-paman apa wartane ing dalan,
dalan akeh wong mati,
dipun kaningaya,
tinigas pedhang ligan,
ing jaja terus ing gigir,
akari raga,
badan kari ngalinthing.-