Nate mireng satunggalipun kulawarga sami gegrejekan, lajeng padu lan memengsahan ? Nate mirsani wonten ing tilivisi utawi wonten ing waosan-waosan maneka warni, prekawis tiyang ingkang pepisahan kaliyang garwanipun sasampinipun mangun bale wisma matahun-tahun.Menapa sebabipun kedadosan kalaw wau kelampahan ? Mangga kanti maneh kanti raos ingkang wening lajeng kita pengalihaken sesarengan.
Tiyang padudon, sae menika kaliyan rencang, sederek utawi kulawarga (garwa) menika, maneka warna sebabpipun. Ewa semanten menawi kita tingali kanti kawontenan leres lan lepatipun, padudon wau saget kita pilih dados tigang (3) prekawos.
Ingkang sepindah, ingkang sami padudon menika kekalihipun sami lepatipin. Nomor kali, setunggal lepat, setunggalipun leres. Ingkang keping tiga kekalihipun leres. Mangga sakminika kita penggalihaken kanti raos pepinginn pados ketemtreman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar