Asmaradana
1.
Aja
turu sore kaki,
ana dewa nganglang jagat,
nyangking bokor kencanane,
isine donga tetulak,
sandhang kalawan pangan,
ya iku bageyanipun,
wong melek [urip] sabar narima.
2.
Ana
tulising Hyang Widhi,
yen wong sabar lan narima,
ginanjar dawa umure,
sugih kadang pawong mitra,
kinacek ing sasama,
yen lagi [ nandhang ] lara wong iku,
gampang nggone antuk tamba.-
Asmaradana
[ S. Padmosukoco
]
1.
De
Sang Dewi Badrahini,
garwa prabu Basudewa,
peputra siji asmane,
kusuma wara Sumbadra,
tiba sampir miyosnya,
Anggara Kasih pinuju,
ri sedhengireng purnama.
2.
Sang
putri Banoncinawi,
rum-arum dyah Bratajaya,
yen cinandra suwarnane,
kurang candra luwih rupa,
nyata tan ana mimba,
slira sedhet singset lurus,
pindha gambar wewangunan.
3.
Pamulu
ambengle keris,
pindha parada binabar,
ruruh wingit pasemone,
jatmika arang ngandika,
tajem mawa prabawa,
rema memak ngembang bakung,
semu wilis ngandhan-andhan.
4.
Netra
jait liyep lindri,
ngujwala pindha kartika,
landhep tan galak liringe,
alis njlirit alit pindha,
adaning taru-lata,
kekincange weh nahenkung,
idep tumenga ing tawang.
5.
Larapan
nyela cendhani,
sesinome micis wutah,
grana rungih pepindhane,
kadya kencana pinatar,
lathi manggis karengat,
waja ramping miji timun,
sumunar wenes nglar kombang.
6.
Athi-athi
ngudhup turi,
mawingking malengkungira,
aramping pangarasane,
nduren juring maya-maya,
kethekan lir antiga,
patut lir gadhing binubut,
anglunging gadhung kang jangga.
Asmaradana
[ Ki Hajar Dewantara ]
1.
Elinga
para nak mami,
mardika iku jarwanya,
nora mung lepas ing pangreh,
nging uga kuwat kuwasa,
amandhiri priyangga,
wit saka iku den emut,
wenang lan wajib ywa pisah.
2.
Dene
kang ingaran wajib,
siyaga barang prakara,
miranti lair batine,
nuli wenange tumindak,
ing reh sakarsanira,
wit sira wus darbe traju,
panimbang becik lan ala.-
Asmaradana
1.
Kasmaran
maring naluri,
nalurine para kuna,
kang den anggo ing wong akeh,
jatine naluri ika,
mung saka pakulinan,
kang den arepi sadarum,
kongsi ngrasuk ing pangrasa.
2.
Upamakna
wong abukti,
wong-wong ing desa nDhadhapan,
mangan thiwul kulinane,
lelawuhe kekuluban,
kulina wiwit kuna,
pangrasane uwus mathuk,
tan gampang den owahana.
3.
Lamun
arsa nyapih bayi,
mesthine nganggo sarana,
ora mung di-etokake,
iku jenenge dipeksa,
si bayi mesthi mbeka,
salinana roti keju,
si bayi mangsa gelema.
4.
Awit
pakulinan iku,
bisa manjing ing pangrasa,
nganti dadi nalurine,
nora ana becik ala,
gumantung neng pangrasa,
mula aja kanggo udur,
mundhak dadi tan prayoga.-
Asmaradana
1.
Nora
gampang wong ngaurip,
yen tan weruh uripira,
uripe padha lan kebo,
angur kebo dagingira,
kalal lamun pinangan,
yen manungsa dagingipun,
yen pinangan yekti karam.
2.
Poma-poma
wekas mami,
anak putu aja lena,
aja ketungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
banget paes neng ndonya,
siyang dalu dipun emut,
wong urip bakal palastra.
3.
Lawan
aja angkuh bengis,
lengus lanas calak lancang,
langar ladak sumalonong,
aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya,
aja lali dhemen padu,
lan aja para wadulan.
4.
Kang
kanggo ing mangsa iki,
priyayi nom kang den gulang,
kaya kang wus muni kuwe,
kudu lumaku kajenan,
pan nora nganggo murwat,
lunga mlaku kudhung sarung,
lumaku den dhodhokana.
5.
Datanpa
kusir sayekti,
satriya tan wruh ing tata,
ngunggulaken satriyane,
lamun karem kinurmatan,
anganggoa jajaran,
yen niyat lunga anamur,
aja ndhodhokken manungsa.-
Asmaradana
1.
Wus
meh wanci lingsir wengi,
si jaka lola tan nendra,
gumlundhung ijen neng amben,
banget denira nalangsa,
kaya den pinilala,
wong tininggal bapa biyung,
susah dadi jaka lola.-
Asmaradana
[ Ajine pribadi ]
1.
Kasmaran
laku utami,
marsudi murih sampurna,
dimen kepenak uripe,
najan manungsa tan ana,
kang datan darbe cacat,
nanging kabeh tindak tanduk,
iku bisa den gegulang.
2.
Apa
dene swara ati,
dadia woting tumindak,
sabab lamun datan nate,
mulat sarira manungsa,
bisa dadi sangsara,
tangeh lamun bisa luhur,
kepara tumibeng nistha.
3.
Pancen
abot mulang dhiri,
kanggo pawitaning gesang,
neng jroning masyarakate,
nanging lamun dipun nalar,
iku conto sembada,
den gugu sarta den tiru,
dadi ingajenan kanca.-
= ajine pribadi =
Asmaradana
1.
Sirna
andel-andel mami,
katitih prawireng yuda,
katempuh pangapesane,
apes mungsuh lan Sri Bisma,
kalindhih datan bangga,
sang Seta sigra mangsah sru,
silih ungkih ing ngayuda.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar