MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Aneka Srepegan

Srepeg

Rangu-rangu


1.     Rangu-rangu tyas
matrenyuh,
mawor suka rena,
radyan anggarjita,
ungguling ngayuda karsaning Yang,
dhuh Gusti dhasih kula,
sumungkem ing ngarsa pada,
Gusti kula.

2.     Ing ngarsanta kula nyuwun
gunging pangaksama,
sarta wicaksana,
nyuwun panguwasa ing tyas kula,
dhuh Gusti mugi kula,
tulusa nglebur angkara,
Gusti kula.

3.     Gusti ingkang Maha Suci
paringa ngapura,
mring para manungsa,
murih padha eling mring Pangeran,
dhuh Gusti sembah kula,
sumungkem ing ngarsa pada,
Gusti kula.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar