Dhandhanggula
1. Dhedhep
tidhem prabawaning ratri,
sasadara wus manjer kawuryan,
tan kuciwa mamanise,
menggep sri nateng dalu,
siniwaka sanggyaning
dasih,
aglar neng cakrawala,
winulat ngelangut,
prandene kabeh kebekan,
saking kehing taranggana
kang sumiwi,
warata tanpa sela.
2. Kinalangan
kukuwung ngawengi,
lir wewengkon bale
mandhakila,
masewakaning pamase,
jroning kalang kadulu,
kang sumewa parek neng
ngarsi,
mung punggawa sajuga,
arya panjer surup,
pramukyaning taranggana,
kang sawega rumeksa
pringganing ratri,
ngayomi ayuning rat.
3. Tan
petungan panjrahing wadyalit,
arahane mawor-mawurahan,
ngapit narmada prenahe,
jro petenging serayu,
angragancang sang Bima
sakti,
nyuwak tutuking naga,
kang sikareng laku,
yeku mangka pralampita,
mrih mengeta kang mantep
teteping budi,
widada kang sinedya.
4. Neka
warna pangkating wadya ji,
nora worsuh tataning
sewaka,
gumolong gegelengane,
kang dadya juru tuduh,
padomaning para mong
tani,
gelaring panangkilan,
rinakit waluku,
wuluh wuku lan kukusan,
gubug penceng malesat
wor lanjar ngirim,
mangreh lakuning mangsa.
5. Kang
sumewa luhuring udadi,
pan pinindha dhapuring
giyota,
pra nangkoda pandomane,
de kang dadya pituduh,
pamardining kang ulah
kardi,
sinamar neng busana,
kasarireng prabu,
jroning praba marakata,
sinung tandha pindha
widadari ngantih,
neng soring wringin
sungsang.
6. Kang
saweneh punggawa piniji,
asung penget
pangreksaning raga,
ing mangsa roga
praptane,
yeku arya kumukus,
manjer dwaja neng
pancaniti,
tangeh yen winursita,
satataning dalu,
ndungkap luwaring
sewaka,
jaka belek merem melek
melik-melik,
sasmita minta nedra.
7. Samantara
wus danguning rawi,
hyang Purnama wus
manjing ngancala,
gumiwang surem sunare,
sawung bareng kaluruk,
kapiyarsa melung
melingi,
mring kang kasuwen
nendra,
ywa kongsi kadarung,
mengeta mring
pangarcana,
angluhurna gunge
kawasaning Widhi,
kang nitah saniskara.
8. Dyan
umimba punggawaning ratri,
riyep-riyep risang
panjer rina,
lir pasrah pangawasane,
dennya rumekseng dalu,
pangasoning sagung
dumadi,
wus sedheng pinardiya,
ngayati panggayuh,
iyeging panambut karya,
datan liya Hyang Surya
kang mirong wangi,
tuduh sidining sedya.
9. Tanggap
mulat hyang Arka naketi,
dumipengrat ambabar
prabawa,
sumirat-sirat sorote,
mega sinungging wungu,
graning arga pinulas
wilis,
samantara kawuryan,
hyang Surya wus mungup,
ngancik pucaking aldaka,
larut mirut tedhuh ing
dalu kalindhih, sumeblak tanpa sesa.
10. Anglur
selur lakuning wong tani,
bareng mangkat maring
papasaran,
pating krengkot
pikulane,
weneh sikep waluku,
maring sawah tegale
sami,
si gundhul nethek
kandhang,
kebone pinecut,
ngucul sami tinumpakan,
ngenak-enak neng gigir
marep mring wuri,
sembari ura-ura.
11. Melang-melung
lelakon ginurit,
alon bae hir-hir kya-kya
-- ,
uler kambang saktitahe,
nora nana kesusu,
yen narima karsaning
pasthi,
lakune wis jinangka,
jangkahe den ukur,
kesusu amburu apa,
yen wong murka anggake
kudu ndheweki,
wus turah durung trima.
12. Nora
menget adiling hyang Widhi,
dennya mandum jatining
pangrasa,
tan pisan bau kapine,
sanggyaning kang
tumuwuh,
binageyan legi lan pait,
nadyan silih darbea,
wis malir swarga gung,
kinunci kancing kancana,
nora wurung susahe
nlesep nusupi,
tumameng mangsa kala.
13. Yen
pinuntupan toging tyas yekti,
nora suka murka
ngongka-ongka,
anjangka kang kae-kae,
karana kang tinemu,
nora liyan suka lan
sedhih,
demange nora beda,
lan si gundhul pacul,
mene seneng mengko
susah,
yen narima susahe mirut
sumingkir,
rampung tanpa prakara.
14. Ayem
guyem kang kaya wak mami,
repet-repet wus berak
neng beran,
ngadhang segere
srengenge,
molah nglalantih balung,
ngulur otot ngingirih
getih,
lir kukila neng tawang,
mina neng jro kedhung,
sajeging sun dadi bocah,
durung wikan rasaning
badan nglelentih,
mung bingar tyas pirena.
15. Temah
tuwuh segere nartani,
lengeningsun kiyale
kalintang,
mathekel katon kucinge,
keneng sawabing ebun,
kang sinebar ing maruta
ris,
woring sorot tembean,
doyananing bayu,
hyang Surya tan kadang
konang,
dennya mandum prabane
sinami-sami,
tan mawang milih janma.
16. Lamun
ngelak ingsun darbe warih,
kang sumreweh nuting
padhas gempal,
wening tur sumyah
rasane,
sakehing kang sinebut,
omben-omben ingong
kilani,
mangsa silih nyundhula,
lan segering banyu,
mengko nadhah lan
janganan,
sambel rawit lalaban
timun lan metir,
segane beras anyar.
17. Setham-sethom
segere kepati,
yen wus enak weh
kuwating raga,
apa maneh jalukane,
sore ngong mapan turu,
aneng lincak lambaran
widhig,
prenah wurining damar,
sumamar neng ngundhuk,
tentrem rasaning tyasing
wang,
mung kumandel kinemulan
ing Hyang Widhi,
bek-sek tanpa mirasa.-
- Slisir mareng tegareng
Dhandhanggula
Manuhara 203-204
- Puteging tyas daruna geng kingkin, kagunturan ing krama sarkara,
kelut
kalimput anggene,
nir
kabudayanipun,
lir kataman ing astra
bahni,
brastha tanpa upaya,
puwara gung wuyung,
wahya wiyadining driya,
driyasmara maripih marek
ngeneni,
nangsaya maweh brangta.
- Ingimur-imur mara mrepegi,
linali-lali
saya ngalela,
lenge
ing tyase ngaleleh,
paran
wusaneng gandrung,
de kadereng ndarung
kapati,
kapatuh ing pantaka,
pan teka kadurus,
kadrawasaning kung
rimang,
reming netya satata kang
mikatoni, kontraning dyah kotama.
- Tamtam tuman tumontoning resmi,
reseping tyas ing
respatinira,
nirmakken langen
resmine,
sor
kang angsana tunjung,
tunjung merang marang
maskwari,
rekasa lumawanna,
kucem warnanipun,
sari-sari sabuwana,
kasangsara lan sira
rebut mamanis manungsung asung ganda.
- Ganda arum tinumrapken maring,
wandanira
sumrambah warata,
sumrik-sumrik
sarandune,
kongas
mangekesing kung,
madu-madu
pathi sabumi,
bubar
padha tumiba,
tumpek
tumpuk sungsun,
seseg
aneng sariranta,
kumarane kumerab amerak
ati,
marwasa weh wiyoga.
- Miwah lidhah lawan kilat thathit, apapanthan lawenne anuksma,
kaneng
liring karemenne,
marma
lamun tumanduk,
lir
anggane sara Sangkali,
lumarap
ngalap jiwa,
nir
jiwatanipun,
sumawana
surya candra,
myang kartika prabane
amrabawani,
marang wadananira.
- Sotya-sotya musthika di-adi,
jagad raya wus ngumpul
sadaya,
dumunung tyasira angger,
kontap ngumala merdu,
kasusilan silaning
estri,
sutreptining akrama,
teja lan kukuwung,
kawangwang neng
imbanira,
mamanonne nanangi ana
ing ati,
oneng anon mring sira.
- Pradapane ingkang taru resmi,
raras-rume
rumaraping sira,
wus
surem ngalih sunare,
sumirat
maring tutuk,
tungtung reta ngrorontog
ati,
bremara lan mutyara,
cahyane cumundhuk,
cumandhi ring wajanira,
narawungi wangun lir
tetesing warih,
kengis ngasmareng cipta.
- Lung-elungan kalangening langit, anglanglangi lumengenging kisma,
tumungkul
ngukel sinome,
sinatmata
weh trenyuh,
anyuhing
tyas rudita gati,
swara
sa-marcapada,
kang
mardangga arum,
rumaket
keket lan sira,
srining swara lir
rindinging pra apsari,
kumenyut nganyut jiwa.
- Temah tumpeg-pepeg sa-ananing,
tri-buwana
kumarane mara,
merak marang sira kabeh,
kambuh-kambuh mbuburu,
mring kusuma kudu
andasih,
asih angestu-pada,
ajrih mbok sinartu,
sinadarga lamun sira,
musthikengrat nadyan
Supraba lan Ratih,
mung dadi kanthinira.-
-
manuhara
Dhandhanggula
Prayangkara 215-
1. Pisang jenar gandanira amrik,
janma ingkang
kajantakeng praja,
graitanen
sabacute,
ingkang
tumibeng luput,
saranane kang
palwa mili,
parikan jenu
tawa,
ywa sira
ketungkul,
ing solah kang
tanpa karya,
menyan pita
ingkang we mijil jas-mani,
engeta
kawirangan.
- Nuswa alit tampingan Serandhil,
pacet agung kang
sasaneng toya,
kang narima satitahe,
begja cilaka iku,
dasih nata ingkang
sinelir,
waruju Sri Cempala,
nistha kawlas ayun,
tan pilih paranning
marga,
jenang sobrah ancur bang
jabaning tulis,
takdir tan kena selak.-
-
prayangkara
prayasmara 216
Dhandhanggula
1. Pisang lesah sang rajeng Kubarsi,
saben dalu datan antuk nendra,
gunting wohan swareng bendhe,
kacipta mung sireku,
garwa Prabu Malawapati,
setyanana ngawula,
pambagene etung,
paranne amung sakedhap,
suling dara wana lit turuting tepi,
yen nyawang tarataban.
- Gayung sumur welut ing wanadri,
tambanana
inten branta kula,
rotan
buntal tan ginawe,
tingalana
masingsun,
putri
adi nagri Kubarsi,
sakadare
kewala,
calumpringing
pantun,
lamine
wanuh lan sira,
suku palwa kang arta
ciri turanggi,
katon sasolahira.
- Suket galeng rinumpaka gusti,
kang
baita kandheg ing samodra,
rontang-ranting
temahane,
abdinya
nedya labuh,
mring kusuma kang asung
branti,
blimbing mindha widara,
careme dumunung,
wismeng pupujan ngulama,
raosing tyas dhuh Gusti
kadya rinujit,
kang ketang amung sira.-
- prayasmara
-
warayagnya-147
Dhandhanggula
1. Warayagnya wedharing palupi,
pinandara macapat sarkara,
ing nalika panitrane,
Senen ping kalih likur,
sasi Saban Dhestha Be warsi,
sangkala Nyatur Slira,
Mumulang mring Sunu,
nJeng Gusti Pangran Dipatya,
Arya prabu Prangwadana kang amarni,
winahya mring pra putra.
2. Kakung
putri ing reh palakrami,
sumawana
kang sami jajaka,
tan
wun tembe pikramane,
marma
tinalyeng wuwus,
wasitane
mengku pawestri,
ywa
dumeh yen wong priya,
misesa
andhaku,
mring darbekireng
wanodya,
palakrama nalar lan kukum
kang dadi,
yen tinggal temah
nistha.
3. Wuryaning
reh priya kang rumiyin,
lamun
arsa angupaya garwa,
den
patitis pamilihe,
aywa
kaseseng kayun,
mbok
manawa keduwung wuri,
ya
bener yen wong lanang,
wenang
duwekipun,
rabiya
ping pat sadina,
kena uga wuruk karepe
pribadi,
nanging ta tan mangkana.
4. Dadi
ora ana ala becik,
ngilangaken
istiyaring gesang,
yen
ngarah apa tekade,
andarung
kadalarung,
ngelmu sarak den
orak-arik,
mbuwang ajining badan,
lumuh reh rahayu,
tur upama kalakonna,
kasangsara kaduwunge
anekani,
manglah nunutuh driya.
5. Aja
nganti mangkana ta kaki,
becik
apa cinacad sasama,
wong
gendhak kalakuwane,
sapa
kang duwe sunu,
wadon
aweh sira rabeni,
kiraku
nora nana,
kejaba
kebutuh,
ala
rinabenan Koja,
becik bangsa wit tan duwe
putu Encik,
mung iku ciptanira.
6. Kawruhana
kaduwunging ati,
jalaranne
mung patang prakara,
wong
anom dadi brangtane,
dhingin
myat warna ayu,
kaping pindho milik wong
sugih,
kaping tri kawibawan,
lan kaping patipun,
kena sambang sarawungan,
rokok kinang winehken
lan ujar manis,
rinuket mrih asmara.
7. Wekasane
ya kena sayekti,
ngadatira
wong anom mangkana,
keh
rabi dudu niyate,
yen
kena sutaningsun,
arabiya
jalaran becik,
aja
rabi pasokan,
nistha
yen dinulu,
angapesken
yayah rena,
wruhanira manungsa neng
donya iki,
yen kena kang tinedha.
8. Ingkang
dhingin rahayuning dhiri, kinalisna sakehing prakara,
myang sak serik
sasamane,
kapindho badanipun,
aja kambah barang
panyakit,
kaping tri aja tansah,
susah manahipun,
kaping pat arsa darbeya,
anak lanang kang mursid
minangka wiji,
ndawakken umurira.
9. Mula
nora gampang wong arabi,
kudu milih wanodya kang
kena,
ginawe rewang uripe,
sarana
ngudi tuwuh,
myang ngupaya kang
sandhang bukti,
wiwilangane ana,
catur upayeku,
yogyane kawikannana,
dhingin bobot pindho
bebet katri bibit,
kaping pat tatariman.
10.
Papat iku iya uga kanthi,
dhingin warna kapindhone
brana,
kaping tri kawibawane,
catur pambekanipun,
endi ingkang sira
senengi,
aja nganti angawag,
manawa keduwung,
karana milih wanodya,
datan kena den
mupakatken sasami,
wuruk neng karsanira.-
- warayagnya-147-148
-
sriyatna 158-160
Dhandhanggula
1. Lir
mangingsep madunig kang sari,
surasane
denira mardaya,
tan
milalu kamuktene,
mung
ketang prajanipun,
kang pininta jroning
semadi,
mugi ta pinarengna,
mrih harjeng wadya gung,
tentrem rena ing
tyasira,
winantuwa ing sandhang
kalawan bukti,
wruha mring yogyatama.
2. Sumrambahe
marang garwa siwi,
kaping kalih ing
panedhanira,
mugi para atmajane,
kang sampun sinung lungguh,
nama pangran ngraosa
bilih,
sampun antuk nugraha,
nunggil namanipun,
lawan Kang Murbeng
Bawana,
dipun sukur den saged
marnahken dhiri,
nglenggahi namanira.
3. Sumawana
sadhereke sami,
priya
ugi enggal sumusula,
ntuk
nugraha lir kadange,
lawan
pamujinipun,
dhateng putra kang
sampun wanci,
diwasa nampenana,
ing sasmitanipun,
kang rama dennya mrih
harja,
bantonana ing lampah
ingkang prayogi,
lan pamesuning driya.
4. Lumayanna
denira marsudi,
upamane
palwa neng samodra,
nadyan
wasis pandhegane,
kalamun
palwanipun,
awrat datan samapta
sami,
mangsa ge papteng paran,
tansah kombak-kumbul,
mangkana para sujanma,
tanpa brata ngandelaken
yayah-bibi,
tan kena kang sinedya.
5. Kang
mangkono dadi uler turi,
awit
netes praptaning diwasa,
tan
lunga saking enggonne,
kang
mangka bojanipun,
mung galihe punang wit
turi,
lami-lami katresan,
bolong delegipun,
uler medal sing sasana,
dadi kupu mbambrang adi
ingkang warni,
wus prapta kang sinedya.
6. nTuk
nugraha katekan ing kapti,
nadyan
roga ana dadinira,
lamun
kojur lalakonne,
wit
turi saya alum,
marga
saking atine rujit,
ulere
nora doyan,
ilang
rasanipun,
yen
katempuh ing prahara,
kayu pokah kang uler
cinucuk pitik,
temah sirna kalihnya.
7. Kang
saloka tumrape neng janmi,
kayu
turi yeka yayah rena,
uler
kang mangka sutane,
wus tamtu bapa biyung,
ngupakara weh sandhang
bukti,
myang mrihatinken ing
tyas,
sung pemut rahayu,
kongsi praptaning
diwasa,
lamun putra nggraita
ndarbeni budi,
welas mring ibu rama.
8. Angupaya
wekasaning dhiri,
pirabara
bisa amalesa,
marang sihe wong tuwane,
lamun tan bangkitipun,
amung aja ta dadi pikir,
myang karya susahira,
iku saminipun,
uler kang metu sing
wreksa,
dadi kupu anak bisa dadi
pyayi,
kena tinon ing kathah.
9. Kang
mangkana begja den aranni,
prihatine
ana dadinira,
seje
kang tiwas lakonne,
anake
mengeng tuduh,
wus diwasa datanpa budi,
weruhe mung wong tuwa,
anggelar piangkuh,
sandhang pangan mrih
samapta,
duwe japa : aku anake
wong sugih,
tur tedhaking awirya.
10. Lamun
datan mangkene ya isin,
apa
aku anaking sudagar,
ngitung
pangan sadinane,
kabeh
titah Hyang Agung,
ana
urip ya ana bukti,
kang
weruh sesuk sapa,
ujar
kang puniku,
bodho
bundhune ndaluya,
kang mangkono lamun tan
mangan sa-ari,
nyalinguk jroning driya.
11. Dadi
dora ujare kang uwis,
tangeh
lamun terus ing wardaya,
tekade
amencla-mencle,
banjure nora wurung,
ngendelaken mring
yayah-bibi,
salamine mangkana,
kalle ing tumuwuh,
denira ana ing dunya,
datan lana samubarang
owah gingsir,
raga puara sirna.
12. Kaya
paran yen kalakon ben-jing,
yekti kadi uler
isthanira,
sampyuh bareng lan
uwite,
nanging ta majadipun,
kang rumiyin mring alam
suci,
tamtune wong atuwa,
anak kari mangu,
getunne jer wus kaliwat,
nora wurung uripe tan
kadi nguni,
duk maksih sudarmanta.
13. Marma
sinung pepenget samangkin,
pra
atmaja muga andriya-a,
ing
tembe kawusanane,
kalamun
maksih ayun,
mring kadarman dennya
dumadi,
darajad ginayuha,
ing sapangkatipun,
timbanga lan bangsanira,
supayane ing benjing
sampun prihatin,
yen asor kang prabawa.
14. Dene
laku ingkang dadi margi-,
ning
kawiryan muga sumurupa,
ingkang
mangka pusakane,
aja
agawe rengu,
myang sak serik sameng
dumadi,
dipun pracayeng Suksma,
lan aja tekabur,
tingalira kang sanyata,
ywa suminggah wisesanira
Hyang Widhi,
aja angumbar karsa.
15. Aja
pegat suhulireng Widhi,
den dohena saliring
bancana,
rinaksa-a salamine,
sinunga tyas kang emut,
dinawakna dennya dumadi,
nenuwa ing kamulyan,
titi kang pitutur,
Kemis tanggal ping
wolulas,
Madilawal taun Je den
sangkalani,
Tan Gatra Mulang
Siswa.-
-
sriyatna-158-160
Tripama 190-191
Dhandhanggula
1. Yogyanira
kang para prajurit,
lamun bisa sami anulada,
kadya nguni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den
antepi,
nuhoni trah utama.
2. Lire
lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saniskareng
karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk mbantu prang
Manggada nagri,
amboyong putri dhomas,
katur ratunipun,
purunne langkung tetela,
aprang tandhing lan
ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
3. Wonten
malih tuladan prayogi,
satriya gung nagari
Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang
Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih
raharja,
Dasamuka tan keguh ing
atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
4. Kumbakarna
kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan
lenggana, nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh
nagari,
lan noleh yayah-rena,
myang luluhuripun,
wus mukti aneng
Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing
bala kapti,
punagi mati ngrana.
5. Yogya
malih kinarya palupi,
Suryaputra narpati
Ngawangga,
lan Pandhawa tur
kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri
Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing
prang,
Bratayuda ingadegken
senapati,
ngalaga ing Korawa.
6. Minungsuhken
kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang
Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males
sih-,
-ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati
jinemparing,
sumbaga wirotama.
7. Katri
mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra
prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang
palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda ngudi
panduming dumadi,
marsudi ing
kotaman.-
tripama
Yogatama 192
Dhandhanggula
1. Sinten
ingkang bayunipun sami,
kadunungan darahing Mataram,
kang tan kamomoran ing len,
kang manahipun tuhu,
sanget asih dhateng nagari,
myang dahat asih marang,
panjenengan ratu,
angrepiya kados kula,
condhong karsa lan kula
anunggil budi,
myang cipta tanpa taha.
2. Angrepiya
ing kidung puniki,
pasamuwanira pra
satriya,
Hyang Suksma dadya
parenge,
mawantu nugraha gung,
sumarambah katur nagari,
myang katur ing
narendra,
ing kamulyanipun,
wit dennya rumekseng
jana,
kang winengku tan
kandheg pinrih basuki,
marma wajib pinudya.
3. Ya
Allahu Tuwan Maha Sukci,
mugi-mugi Tuwan
ngayomana,
sampun pegat
pangreksane,
mring siti dunung ulun,
gesang tuwin panggenan
mami,
kala lare kawula,
miwah dunungipun,
badhe antaka kawula,
sumawana ing jasad ulun
samangkin,
taksih nglindhung ing
Tuwan.
4. Amba
nuwun kamirahan Widhi,
saha sanget getering
wardaya,
lestantuna salamine,
nagri klairan ulun,
winedalna jawining
westhi,
tuwin lestantunira,
panjenengan ratu,
dennya umadeg Kalipah,
kang minangka wakiling
Hyang Maha Sukci,
rumakseng nuswa
Jawa.-
yogatama
paliwara 196-197
Dhandhanggula
1. Jenu
tawa pisang gandha wangi,
aja tungkul kulup den graita,
Ragu-suta mardi jene,
ramanta pan wus sepuh,
wisma aglar ing pancaniti,
den kerep sebanana,
prabatanging pantun,
dimen paring wulang sira,
patri wastra garinging mina
jaladri,
nalar pangrehing praja.
2. Carang
wreksa ingkang jamang tambir,
wit tan gampang wong
mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang
andheging riris,
den teteg tranging
cipta,
sendhang niring ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta
mungging ardi,
yen apes kawirangan.
3. Kampuh
nendra ron lesah binukti,
mula kulup banget
wekasingwang,
sarpa lit ponthang
warnane,
saking sumelangipun,
brama harda kang mrica
putih,
mulat mring solahira,
bengkik geng ing
kedhung,
igeh bocah manahira,
bebek rawa wastra pethak
ciri esthi,
wis sedheng marenana.
4. Burat
pada raning sato bukti,
mbokmanawa katrucuting
mangsa,
bantheng bang jarwa
sonyane,
sapira kaduwungmu,
kandhela -- kang sabeng
kali,
lir kinjeng tanpa soca,
pangiriding satu,
nora nana kang nuntuna,
perak kresna wastra
laranganing Gusti,
temah rusak kang tata.
5. Gancar
wayang kang mulwijo sisik,
yen kalakon kang kaya
mangkana,
kara kang remit
godhonge,
kapriye solahingsun,
sobrah wreksa tumameng
siti,
myang sadulurmu padha,
lembing sabeng ranu,
nora bisa ndulu sira,
paku wreksa babantu
sipating pati,
sun tedha mring Hyang
Suksma.
6. Astra
dibya risang Ragu-siwi,
muga-muga kulup ramanira,
piring geng beda tulise,
panjanga yuswanipun,
sudarmane Sang Hyang
Pramesthi,
menangana rabinta,
tangkil geng ing dhusun,
sukur nganti menangana,
cawang wreksa widara
kang pindha warni,
ing canggah warengira.-
paliwara
rerepen 220-222
Dhandhanggula
1. Rengating
tyas rinapih ngrerepi,
rinumpaka sinawung sarkara,
wawangsalan karemenne,
dhuh babo roning pantun,
ancur pethak tumraping
carmin,
saya lami karasa,
kalabang sumunu,
ora rena ing tyas
ingwang,
benthik wreksa atmajeng
Santanu Resi,
tan jenak aneng wisma.
2. Pakis
mudha sekar awoh tasik,
alulungan tan nana
sineja,
jalidri amba godhonge,
mung ketang kang maweh
kung,
katu alit wungu kang
warni,
ambalut tur jatmika,
bajuning dyah tanggung,
kuning bentrok
maya-maya,
sekar pisang basa
kawining nagari,
patut musthikeng praja.
- Suteng Endra watese kang tulis,
sun watara janma
madyapada,
puter geng tutul
murdane,
tan ana kang kadyeku,
tapas aren kang senthe
wukir,
duk kuna jare ana,
sanjata pamupuh,
putri adi ing Manggada,
watang criga tepi wastra
kang cinawi,
kiraku durung padha.
- Menyan seta pangabaran peksi,
salawase
sun anjajah praja,
pager
pura pulas jene,
Batawi
prapteng Kudus,
kakawine
kang sosotya di,
durung
tau umulat,
andakara
murup,
memper
mirib warnanira,
lambang
brana pelem alit ngganda
wangi,
urup
den dolli karya.
- Bale nata murweng darbe siwi,
kaya
paran tembe dadinira,
gancar
wayang upamine,
lakonne
raganingsun,
pacet
agung kang suling paksi,
tan
betah anyawanga,
putusing
pangawruh,
kang kadya wulan
purnama,
kendhal jeram pungkasing
kang bangun enjing,
kasereng saput ndriya.
- Sipat kresna ron lesah neng siti,
sun
celaki wuwuh tejanira,
ancur
sotya taruning we,
dhasare
nyata punjul,
jambe
arga nateng Biraji,
gawe
kisruhing driya,
gagelang
panuduh,
kongsi
lali neng paseban,
bikang rekta kang wastra
ngiras bebenting,
micara nora cetha.
- Krameng boja praja sang Sumali,
sun
tatedha sang kalengkaningrat,
taru kang nedheng
rumembe,
dadiya jodhoningsun,
kancuhing kang duta
narpati,
mangka kanthining
gesang,
tyas sengsem binumbu,
saiba ayeming driya,
nulad sastra jinten
langking madha warni,
nurunken wiji priya.
- Sarah tala sang narendra kapi,
lamun benjang tembe dadi
garwa,
bidho geng pingul
warnane,
sun reka-reka wuru,
nateng Kobar kang
dindang kuning,
supadi anjintela,
pangabaran pandung,
tumuli ingsun ngrerepa,
lagu sastra sirating
bramara gusti,
ing sekar Maduretna.
- Kirab wastra kadang Kartapati,
ingsun
kebut aneng daganira,
kepet
dangan lomeng wade,
yen
nglilir mirahingsun,
paparabe
Hyang Surapati,
sun
dhresel melu nendra,
ditya
lit kang gundhul,
sun
wedeni ana wilwa,
ron usada rowang temah
dadi weri,
pesthi balik maring
wang.
- Gudhe pandhak sendhang geng ing wukir,
kaya ngapa leganing tyas
ingwang,
taru di swarga enggone,
sasat katiban ndaru,
pisang panjang kang
tanpa sari,
gapyak gebyare ana,
wisayaning manuk,
sakala datan panon rat,
ganggeng wreksa prajane
sang Suryasiwi,
rumasuk malbeng angga.
- Teken palwa sela kang rininjing,
satangine
saking pagulingan,
kang
lampis wungu kembange,
pantese
pungun-pungun,
rajeng
praja ing Ngambarkawit,
sun
ajak marang jamban,
prasidaning
laku,
banjur
malbeng patamanan,
sepat panjang kukila
kang mangsa paksi,
mider
angalap sekar.-
wulangreh
Dhandhanggula
1. Pamedhare
wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
tan wruh lamun akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan
ririh,
mrih padhanging sasmita.
2. Sasmitaning
ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
3. Jroning
Kur’an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang
uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira angguguruwa.
4. Nanging
yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sukur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
5. Lamun
ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara karuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah
siji,
ana-a kang mupakat.
6. Ana
uga kena den antepi,
yen ucul saking patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembah-hyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den
rawati,
bubrah sakehing tata.
7. Angel
temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaya ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
den arani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.
8. Ingkang
lumrah ing mangsa puniki,
mapan ki guru kang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wis lumrah karuhun,
jaman kuna mapan ki murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu angguguru,
ing mengko iki ta nora,
kyai guru naruthuk ngupaya
murid,
dadiya kanthinira.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar