MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Ankea Kinanthi

Kinanthi


1.     Kaya paran raganingsun,
yen tan nulia kepanggih,
lan kusuma pujaningwang,
sang retna dyah Titisari,
gumolong padoning netra,
tumanem jro sanubari.

2.     Bisa temen gawe wuyung,
putri nata Dwarawati,
yayi welasa rakanta,
sun sesuwun jawatadi,
dadi mustikaning pura,
Rancang Kencana mengkoni.

3.     Siniwi para dyah ayu,
kang pantes mung sira yayi,
dadi tetimbanganingwang,
nadyan para widadari,
maksih asor datan bisa,
mirip citranira yayi.-

Kinanthi


1.     Kinanthi panglipur wuyung,
rerenggane prawan sunthi,
durung pasah doyan nginang,
tapih pinjung nging mantesi,
mendah baya yen diwasa,
bumi langit gonjang-ganjing.

2.     Lelewane gawe gandrung,
kincange alis weh brangti,
ulat galak nggugah brangta,
liringe angasmarani,
wiraga maweh wigena,
ngujiwate milangoni.-

Kinanthi


1.     Para mudha wajibipun,
sinau maca lan nulis,
srana ngudi kapinteran,
etung babad ngelmu bumi,
basa Jawa Indonesia,
minangka pangolah pikir.

2.     Tumunturira pak Guru,
amrih beciking pakarti,
wruh lenggahing tata-krama,
rasa mardika ingudi,
tresna nusa lawan bangsa,
sumungkem anggering nagri.

3.     Pasnjangkanira ing besuk,
dadia janma utami,
watak jujur lan santosa,
kuwat mandireng pribadi,
jajar lawan liya bangsa,
anjunjung drajating nagri.-

Kinanthi


1.     Yamyam tilam dhuh mas
ingsun,
jejimating tilam sari,
kumalaning jro papreman,
manis-manising jinemrik,
memalat nganyut wardaya,
ing driya lumentar kentir.

2.     Tarlen mung mangayun-
ayun,
parentah sang pindha gendhis,
supadya mangrurah sekar,
kang dumunung aneng weni,
nira sung hinggaring grana,
tumuntur osiking laki.

3.     [ rusak ] Kacaryan
wudharing gelung,
kalenglengan angga swuh ing tyas,
kentaring wastra di luwih,
wiyoga lamun pinanggya,
mustikaning kang piningit.

4.     Bremara neng kisma
dunung,
pasewakan jro bupati,
tumuntur mung nganti karsa,
praja gung sawetan Mesir,
rum arumira pininta,
pininta dimen patitis.

5.     Tumrape kang wastra alus,
ywa suwawa jroning puri,
yen kalebon duratmaka,
curiga geming pawestri,
panengah putra Wiratha,
den tentrem ywa ngatarani.

6.     [ rusak ] Wusing karya jayeng ranu,
bale atma kang kinawi,
dumadi kangening ndadra, slaka cinitra,......
kami tonen dhuh bandara,
kang mretapa jroning puri.

7.     Pira bara saben esuk,
kalilan lumebeng puri,
angresiki dhatulaya,
kang tirta mili lestari,
sumyahe kang taru puspa,
kakekaning tirta wening.

8.     Ngrembaka kang lata
timbul,
tumaruna wohing ndadi,
sedheng tinon kacaryan tyas,
dening pandaming wulan di,
tan lali lelangenira,
jro pura amung manangis.-

Kinanthi


1.     Yen anangis lare iku,
lela-lelanen lan dhikir,
supaya doh kang lelara,
sarap-sawane tan wani,
saking rachmating Hyang Suksma,
lan supangate njeng Nabi.

2.     Winaca-a kidung iku,
setane lumayu nggendring,
sarap-sawane sumimpang,
kala-kalane sumingkir,
cacing racak padha mendhak,
kruma-kremi padha mati.

3.     Pitik tulak pitik tukung,
tetulake jabang-bayi,
ngedohaken cacing-racak,
sarap-sawane sumingkir,
si tukung mangungkung ngarsa,
si tulak bali ing margi.

4.     Si jabang-bayi puniku,
kekasihira Hyang Widhi,
rineksa ing malaekat,
den emong pra widadari,
pinayungan ing Hyang Suksma,
kinebutan para Nabi.

5.     Sakathahing Wali kutup,
ulama myang para mukmin,
samya angreksa ki jabang,
mila tebih ing sesakit,
sirna larane ki jabang,
walagang slamet ki bayi.-

Kinanthi

[ Duradasih ]

1.    Paminta mring Sang
Hyang Agung,
mugi ingkang palakrami,
lulut lir mimi mintuna,
kalih satata amongsih,
langka saking sambekala,
sagung wewelak ngonyani.

2.    Sudarma dhahat
manungku,
nekung mugi sukmanadi,
paring tetesing nugraha,
miwah kekepyur ingkang sih,
cinipratan tirta marta,
rumasuka marang dhiri.

3.    Dinulura ing aluhur,
sesengker sokur sumingkir,
sonya ingkang kara-katra,
den dohken saking seserik,
temah anjayeng bawana,
puguh panggah ing asinggih.-

 

 

Kinanthi

[ Kitab Topah ]

1.    Gitane gendhing
winuwus,
arsa anembang kinanthi,
apeksa akumawiya,
melu lampahe wong singgih,
wong anom tan wruh ing basa,
peksa melu branteng Widhi.

2.    Amila panuwun ingsun,
dhumateng rehing Hyang Widhi,
mugi hamba pinaringan,
pinanjang aneng donyeki,
lan muga asunga berkah,
supangat andika Nabi.

3.    Widada anut ing
dhawuh,
dhadhawuhira Hyang Widhi,
madhep mantep trusing manah,
ngawruhi Hyang Suksma jati,
awake kang kinawruhan,
kalih warna kathah neki.

4.    Awake lair kadulu,
yen ayun tumekeng jati,
aja na wong kang atingal,
ing sarak andika Nabi,
lair batin den kareksa,
anut sarengate Nabi.

5.    Laillah haillolahu,
tinulis ing sanubari,
wahuwa hisim jalolah,
tinulis ing ndalem kapti,
tinulis kalawan kiyas,
lir mas warnanira tulis.

6.    Aja sira lali ndulu,
ing siyang kalawan ratri,
iku kang ginawe marga,
tumeka maring Hyang Widhi,
aja na kandheg ing nama,
den weruh kang darbe hisim.

7.    Hisim jalolah atuduh,
ingkang andarbeni hisim,
iku dat kang wajib kidam,
kang langgeng Kang Maha Suci,
kang amor kang amisesa,
salirira kang dumadi.

8.    Tatkala ayun andulu,
ing hisim ingkang tinulis,
lir emas gumilang-gilang,
tinulis ing sanubari,
aja nyana sira dhawak,
ningali warnane hisim.

9.    Andulu ingkang kadulu,
warnane hisim ywa lali,
aja nyana sira dhawak,
ciptanen sajrone kapti,
tumingal hisim jalolah,
warnane nora ndheweki.

10.  Aja nyana sira iku,
nyana klayan kang sejati,
laire jisim jalolah,
enur iku angebeki,
amijil saking Nurrolah,
anglimputi ing roh jisim.

11. Saengga wong
sirna iku,
tan ngawruhi ing roh jisim,
miwah ingkang pujinira,
tan weruh kawula Gusti,
wus kerem ing makam baka,
ing sagara tanpa tepi.

12. Yen ayun oleh
pituduh,
ciptanen siyang lan ratri,
pesunen dipun waspada,
aja pegat aningali,
maring ing jisim jalolah,
ningali sawiji-wiji.

13. Satengah wong
alim muwus,
yen ayun tumekeng jati,
den sami anggegurua,
mring gurunira sejati,
poma ywa nganti kesasar,
nggeguru mring setan baring.

14. Ora tumeka Hyang
Agung,
kesasar ing ndalem margi,
tan oleh ngelmu kamulyan,
tan weruh ing ndalem margi,
tan tumeka ing Pangeran,
tan oleh ngelmu sejati.

15.  Jeneng wong
datanpa guru,
tan antuk pituduh jati,
tingale agurayangan,
kesasar ing ndalem margi,
lir pitik kelangan biyang,
tan ana kang den tut wuri.

16.  Sampun oleh ing
pituduh,
tan kewran ing ndalem margi,
akathah dedalaning Hyang,
luwih akeh iku mangkin,
saking wewilangan napas,
sadaya tuduh kang jati.

17.  Tan kandheg
nggennya lumaku,
yen antuk wisik kang jati,
datan kandheg aneng marga,
tumeka maring Hyang Widhi,
endi marga kang den ambah,
atuduh maring Hyang Widhi.

18.  Kang sampun oleh
pituduh,
tan kewran ing ndalem margi,
wong Ngarib mangkya ngandika,
yen ayun tumeka pati,
yogya sami ngathahana,
adhikir maring Hyang Widhi.

19.  Sakehe dadalan
iku,
tan ngluwihi saking dhikir,
kang maring dedalaning Hyang,
tan ana iku madhani,
luwih parek ing dedalan,
kang tumekeng ing Hyang Widhi.

20. Yen ayun oleh
pituduh,
anut ngandikaning Widhi,
yen sira datan anuta,
duraka maring Hyang Widhi,
aja pegat murakabah,
wus madya saking ing dhiri.-

Kinanthi

                [ Nawalapatra ]

1.    Kinanthi rehing rahayu,
ngagesang mamrih utami,
utami neng madyapada,
papadona kang sayekti,
sayekti mangka lantaran,
lantaran dennya sung warti.

2.    Warti satuhuning
kawruh,
kawruhana kita iki,
kinalang sagung bebaya,
ubayane tan pinikir,
kinira bisa suminggah,
gagah denira ngukuhi.

3.    Kukuhing nur kang
umancur,
cinencem jroning pangesthi,
isthane lir cakrawala,
wola-wali den ulati,
laladan candhi utama,
tama temen tameng batin.

4.    Tinata sajroning kalbu,
buka kijab angawruhi,
wruh sesining swarga tiga,
gagapana kang salesih,
suwawi binudi daya,
dayaning reh kang satiti.

5.    Tentreming tyas ulun
matur,
kanugrahaning Hyang Widhi,
mulya wibawa sampurna,
mulya murih purna jati,
sajatining ndon kang nyata,
kanyatahaning neng-ening.

6.    Ningira ingkang
anuntun,
tuna lamun tan pinardi,
dinadekaken manusa,
sabeng donya gesang rupi,
ginodha ing sambekala,
kalangan langening urip.

7.    Uripe datanpa uwus,
wusana narimeng pasthi,
papasthen ala narima,
mapan kadi lare alit,
linipur endahing donya,
nyenyamur dahat nyamari.

8.    Rinacuta tandya cancut,
cacaken padha saiki,
iki silih tyas pranawa,
wani eling wedi lali,
liru raras ndriyasmara,
kasmaran mring ndoning urip.

9.    Urip langgeng
slaminipun,
punapa mboten andingkik,
kikmat kang ambuka nikmat,
mamalat aruming dhiri,
rinuruha saben dina,
dinane dahat lumaris.

10.                       Lumaris
nyengklongi umur,
murweng prang ngrabaseng jurit,
prajurite ginagala,
gul-aguling mungsuh kapir,
kapiran yen tan wuninga,
wuninga-a pribadining.

11.                       Ningena ingkang
saestu,
tumakup mapan tyas aring,
ringkesen dimen tumeka,
kawengkua sadayeki,
kikisaning budi-anta,
tatanen ingkang patitis.

12.                       Tesmak bathok yen
tan ndulu,
lumunturing sih Hyang Widhi,
dilalah dene tan mapan,
papan rusak ati sedhih,
sedhih turu sedhih mangan,
mangana ayeming ati.

13.                       Tinutur yekti
anggalur,
aluran lajering urip,
ngiriba pandhita tama,
mamaluyeng tyas pribadi,
dipun panggah aywa obah,
babahane dipun titi.

14.                       Ttitining carita
nuwun,
nuwun aksameng kang ngeksi,
sesinaon ngrakit basa,
bebasan ulun mangesthi,
isthane mindha pujangga,
jejanggan jangkahing ati.

15.                       Ati ulun dahat
blilu,
lumaksana nganggit-anggit,
nggigit kawruh tanpa nalar,
tumular anenulari,
larine tanpa wusana,
wasanane mung ngabekti.

16.                       Bekti Gusti bekti
guru,
guru Ratu tuduh margi,
margi nedha kautaman,
kautamaning ngaurip,
uripe dimen sampurna,
sampurnakna dunya akir.

17.         Akhire dhuh badan
ulun,
luluhen saingga lilin,
linungsur neng panglungsuran,
rancam-rencem nora pangling,
lingkabing warana pindha,
dhandhang gendhis kang gumanti.-

Kinanthi
[ Pangastuti ]

1.    Kanthi sindhung riwut
mawut,
Hyang Bayu sawusnya aring, wenganing prana gumawang, kawangwang  jroning  kajatin, tinon saking jinem raras, kawuryan ing sunyaruri.

2.    Alam jembar
tumalawung,
katonton jroning asepi,
jenjem jinem tanpa pama,
tuhu yen purana gaib,
melok tanpa ka-alingan, njaba-njero nora sangli.

3.    Punika nugraha agung,
wruh rahsa-rahseng Hyang Huti,
tan kenging yen winedharna,
wit sastra tan ana muni,
liyane kang sastra cetha,
lire cetha wus manunggil.

4.    Manunggil rahseng
Hyang Mulku,
kang sipat rabulngalamin,
kang mengkoni sabuwana, kodratnya pan amenuhi, alanggeng ing salaminya, yekti purbaning Hyang
Widhi.-

Kinanthi

[ Duradasih ]

4.    Paminta mring Sang
Hyang Agung,
mugi ingkang palakrami,
lulut lir mimi mintuna,
kalih satata amongsih,
langka saking sambekala,
sagung wewelak ngonyani.

5.    Sudarma dhahat
manungku,
nekung mugi sukmanadi,
paring tetesing nugraha,
miwah kekepyur ingkang sih,
cinipratan tirta marta,
rumasuka marang dhiri.

6.    Dinulura ing aluhur,
sesengker sokur sumingkir,
sonya ingkang kara-katra,
den dohken saking seserik,
temah anjayeng bawana,
puguh panggah ing asinggih.-

 

 

Kinanthi

[ Kitab Topah ]

10.                       Gitane gendhing
winuwus,
arsa anembang kinanthi,
apeksa akumawiya,
melu lampahe wong singgih,
wong anom tan wruh ing basa,
peksa melu branteng Widhi.

11.                       Amila panuwun ingsun,
dhumateng rehing Hyang Widhi,
mugi hamba pinaringan,
pinanjang aneng donyeki,
lan muga asunga berkah,
supangat andika Nabi.

12.                       Widada anut ing
dhawuh,
dhadhawuhira Hyang Widhi,
madhep mantep trusing manah,
ngawruhi Hyang Suksma jati,
awake kang kinawruhan,
kalih warna kathah neki.

13.                       Awake lair kadulu,
yen ayun tumekeng jati,
aja na wong kang atingal,
ing sarak andika Nabi,
lair batin den kareksa,
anut sarengate Nabi.

14.                       Laillah haillolahu,
tinulis ing sanubari,
wahuwa hisim jalolah,
tinulis ing ndalem kapti,
tinulis kalawan kiyas,
lir mas warnanira tulis.

15.                       Aja sira lali ndulu,
ing siyang kalawan ratri,
iku kang ginawe marga,
tumeka maring Hyang Widhi,
aja na kandheg ing nama,
den weruh kang darbe hisim.

16.                       Hisim jalolah atuduh,
ingkang andarbeni hisim,
iku dat kang wajib kidam,
kang langgeng Kang Maha Suci,
kang amor kang amisesa,
salirira kang dumadi.

17.                       Tatkala ayun andulu,
ing hisim ingkang tinulis,
lir emas gumilang-gilang,
tinulis ing sanubari,
aja nyana sira dhawak,
ningali warnane hisim.

18.                       Andulu ingkang kadulu,
warnane hisim ywa lali,
aja nyana sira dhawak,
ciptanen sajrone kapti,
tumingal hisim jalolah,
warnane nora ndheweki.

10.  Aja nyana sira iku,
nyana klayan kang sejati,
laire jisim jalolah,
enur iku angebeki,
amijil saking Nurrolah,
anglimputi ing roh jisim.

12. Saengga wong
sirna iku,
tan ngawruhi ing roh jisim,
miwah ingkang pujinira,
tan weruh kawula Gusti,
wus kerem ing makam baka,
ing sagara tanpa tepi.

12. Yen ayun oleh
pituduh,
ciptanen siyang lan ratri,
pesunen dipun waspada,
aja pegat aningali,
maring ing jisim jalolah,
ningali sawiji-wiji.

21. Satengah wong
alim muwus,
yen ayun tumekeng jati,
den sami anggegurua,
mring gurunira sejati,
poma ywa nganti kesasar,
nggeguru mring setan baring.

22. Ora tumeka Hyang
Agung,
kesasar ing ndalem margi,
tan oleh ngelmu kamulyan,
tan weruh ing ndalem margi,
tan tumeka ing Pangeran,
tan oleh ngelmu sejati.

23.  Jeneng wong
datanpa guru,
tan antuk pituduh jati,
tingale agurayangan,
kesasar ing ndalem margi,
lir pitik kelangan biyang,
tan ana kang den tut wuri.

24.  Sampun oleh ing
pituduh,
tan kewran ing ndalem margi,
akathah dedalaning Hyang,
luwih akeh iku mangkin,
saking wewilangan napas,
sadaya tuduh kang jati.

25.  Tan kandheg
nggennya lumaku,
yen antuk wisik kang jati,
datan kandheg aneng marga,
tumeka maring Hyang Widhi,
endi marga kang den ambah,
atuduh maring Hyang Widhi.

26.  Kang sampun oleh
pituduh,
tan kewran ing ndalem margi,
wong Ngarib mangkya ngandika,
yen ayun tumeka pati,
yogya sami ngathahana,
adhikir maring Hyang Widhi.

27.  Sakehe dadalan
iku,
tan ngluwihi saking dhikir,
kang maring dedalaning Hyang,
tan ana iku madhani,
luwih parek ing dedalan,
kang tumekeng ing Hyang Widhi.

28. Yen ayun oleh
pituduh,
anut ngandikaning Widhi,
yen sira datan anuta,
duraka maring Hyang Widhi,
aja pegat murakabah,
wus madya saking ing dhiri.-

Kinanthi

                [ Nawalapatra ]

18.                       Kinanthi rehing rahayu,
ngagesang mamrih utami,
utami neng madyapada,
papadona kang sayekti,
sayekti mangka lantaran,
lantaran dennya sung warti.

19.                       Warti satuhuning
kawruh,
kawruhana kita iki,
kinalang sagung bebaya,
ubayane tan pinikir,
kinira bisa suminggah,
gagah denira ngukuhi.

20.                       Kukuhing nur kang
umancur,
cinencem jroning pangesthi,
isthane lir cakrawala,
wola-wali den ulati,
laladan candhi utama,
tama temen tameng batin.

21.                       Tinata sajroning kalbu,
buka kijab angawruhi,
wruh sesining swarga tiga,
gagapana kang salesih,
suwawi binudi daya,
dayaning reh kang satiti.

22.                       Tentreming tyas ulun
matur,
kanugrahaning Hyang Widhi,
mulya wibawa sampurna,
mulya murih purna jati,
sajatining ndon kang nyata,
kanyatahaning neng-ening.

23.                       Ningira ingkang
anuntun,
tuna lamun tan pinardi,
dinadekaken manusa,
sabeng donya gesang rupi,
ginodha ing sambekala,
kalangan langening urip.

24.                       Uripe datanpa uwus,
wusana narimeng pasthi,
papasthen ala narima,
mapan kadi lare alit,
linipur endahing donya,
nyenyamur dahat nyamari.

25.                       Rinacuta tandya cancut,
cacaken padha saiki,
iki silih tyas pranawa,
wani eling wedi lali,
liru raras ndriyasmara,
kasmaran mring ndoning urip.

26.                       Urip langgeng
slaminipun,
punapa mboten andingkik,
kikmat kang ambuka nikmat,
mamalat aruming dhiri,
rinuruha saben dina,
dinane dahat lumaris.

27.                       Lumaris
nyengklongi umur,
murweng prang ngrabaseng jurit,
prajurite ginagala,
gul-aguling mungsuh kapir,
kapiran yen tan wuninga,
wuninga-a pribadining.

28.                       Ningena ingkang
saestu,
tumakup mapan tyas aring,
ringkesen dimen tumeka,
kawengkua sadayeki,
kikisaning budi-anta,
tatanen ingkang patitis.

29.                       Tesmak bathok yen
tan ndulu,
lumunturing sih Hyang Widhi,
dilalah dene tan mapan,
papan rusak ati sedhih,
sedhih turu sedhih mangan,
mangana ayeming ati.

30.                       Tinutur yekti
anggalur,
aluran lajering urip,
ngiriba pandhita tama,
mamaluyeng tyas pribadi,
dipun panggah aywa obah,
babahane dipun titi.

31.                       Ttitining carita
nuwun,
nuwun aksameng kang ngeksi,
sesinaon ngrakit basa,
bebasan ulun mangesthi,
isthane mindha pujangga,
jejanggan jangkahing ati.

32.                       Ati ulun dahat
blilu,
lumaksana nganggit-anggit,
nggigit kawruh tanpa nalar,
tumular anenulari,
larine tanpa wusana,
wasanane mung ngabekti.

33.                       Bekti Gusti bekti
guru,
guru Ratu tuduh margi,
margi nedha kautaman,
kautamaning ngaurip,
uripe dimen sampurna,
sampurnakna dunya akir.

34.         Akhire dhuh badan
ulun,
luluhen saingga lilin,
linungsur neng panglungsuran,
rancam-rencem nora pangling,
lingkabing warana pindha,
dhandhang gendhis kang gumanti.-

Kinanthi
[ Pangastuti ]

5.    Kanthi sindhung riwut
mawut,
Hyang Bayu sawusnya aring, wenganing prana gumawang, kawangwang  jroning  kajatin, tinon saking jinem raras, kawuryan ing sunyaruri.

6.    Alam jembar
tumalawung,
katonton jroning asepi,
jenjem jinem tanpa pama,
tuhu yen purana gaib,
melok tanpa ka-alingan, njaba-njero nora sangli.

7.    Punika nugraha agung,
wruh rahsa-rahseng Hyang Huti,
tan kenging yen winedharna,
wit sastra tan ana muni,
liyane kang sastra cetha,
lire cetha wus manunggil.

8.    Manunggil rahseng
Hyang Mulku,
kang sipat rabulngalamin,
kang mengkoni sabuwana, kodratnya pan amenuhi, alanggeng ing salaminya, yekti purbaning Hyang
Widhi.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar