MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Aneka Wirangron

Wirangrong


1.     Aneng ngardi sun ningali,
langening sawah kinaot,
lumembak katyup angin lir alun,
ron-ronaning uwit,
padesan tengah bulak,
kadya pulo ing samodra.

2.     [ rusak ]Silir-slir ponang angin,
..........
soroting diwangkara supenuh,
ngelangut kapyarsi,
alam Indonesia,
gemah makmur kerta arja.

3.     Pepujan ibu Pratiwi,
kumanthil-kanthil ing batos,
datan pegat sumusup ing kalbu,
sun dahat tresna sih,
peparinging Hyang Suksma,
sun pundhi kadya kumala.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar