MUSSS

Kamis, 02 Maret 2017

Bawa

Bangsapatra  

lp.17 pdt. 4-6-7     s.s.


Dhuh gustiku,
kang apindha ratih,
cahyanira sumunu,
kadya wulan,
kang purnama sidhi,
wong kuning nemu giring,
dhuh jiwengsun,
paringa usada,
pun kakang larasmara,
esemira,
lir gebyaring thathit,
weh renyep ing wardaya.-

 

Candra-asmara

lp. 16 pdt. 8-8              p.b.


Sang Baladewa narpati,
tuwin nareswara Kresna,
kalangkung ing tresnanira,
marang dyah Banoncinawi,
mangka pisah unggyanipun,
mila tansah tanya warti,
wau sri narendra kalih,
mring retna candra-asmara

 

Candra kusuma   
lp. 16   pdt. 8-8     s.s.

Kang kadi sudama gusti,
sasangka kasongan surya,
prabanya sumungsung kaswa,
raras ruming sari-sari,
samya manuksmeng sarira,
sumarmanira sukanta,
hujwalanira sumunu,
marbuka candra kusuma.-

Ciptamaya
lp. 17 pdt. 5-5-7       p.b.

Sri naranata,
Ngayodya nagri,
prabu Ramawijaya,
mbeg maharjeng rat,
mangunah aji,
sang Dasamuka mbeg dur,
sawadya sirna,
yeka sri nata,
nuhoni mbeg pandhita,
legaweng pudya,
tan arsa darbe,
nagri putri boyongan.-

Citra mengeng     
lp. 12  pdt. 6-6               s.s.

Lamun sira kaki,
dumadi prajurit,
den bisa nulada,
patih Mahespati,
lelabuhanira,
ingkang tri prakara,
guna kaya purun,
estu yen utama.-


Citra mengeng     

lp. 12   pdt. 6-6


Risang maha yekti,
sawuse semedi,
munggwing pacrabakan,
dangu aningali,
wijiling sasangka,
saking graning redi,
karenan tyasira,
alon angandika.-

Citrarini
lp.12   pdt. 5-7

Lir sad padengsun
tumiling angulati,
puspita ingkang
medem endah kang warni,
mider ing taman
anon sekar warsiki,
kumenyet ing tyas
baya ta jatukrama.-

Harinidwani    
lp. 17  pdt. 5-5-7   s.m.

Dhahat kacaryan,
janma lyan praja,
myat mring nagari kita,
Indonesia,
karta raharja,
murah sandhang lan pangan,
panca buwana,
atur pratandha,
samya suka memitran,
mila sangsaya,
gemah aripah,
ngambar arum kang nama.

Jiwa retna
lp. 12 pdt 6-6        p.n.

Kuneng ingkang samya,
suka kawuwusa,
lampahira Sena,
lajeng sampun ngambah,
prapta ing wanadri,
rereh ririh gandrung,
sukanireng galih,
tirtaning pamungkas.-

Kinanthi


Antagopa klenthung-klenthung,
mring sawah anyangking kudi,
angendhangi rowangira,
kang samya anambut kardi,
sigra wau ingundangan,
tinanya sawiji-wiji.-

Kusumasmara
lp. 15   pdt. 7-8

Sang widayakeng praja,
ing utara gita nama,
sira mandana rena,
sung wasitaning pra siswa,
gwah laksitaning jana,
tangayute kwantang durta,
tinrap neng pralampita,
kembang kinarya utama.-


Kusumastuti
lp. 13   pdt. 7-6

Dhuh kulup putraningsun,
sireku wus wanci,
pisah lan jenengingwang,
ywa kulineng ardi,
becik sira neng praja,
suwiteng narpati,
nanging ta wekasingwang,
ywa pegat teteki.-

Kusumastuti
lp.13   pdt. 7-6      p.b.

Horeg jroning praja gung,
denira ngurmati,
sasanti madyastawa,
mring kang nembe prapti,
rahadyan Dananjaya,
sang prawireng jurit,
samya sung panembrama,
lir kusumastuti.-

Kuswaraga
lp. 16   pdt. 8-8     s.m.

Sri maha jawata katong,
handaka wulune reta,
jroning nendra gung kaepi,
buja wreksa kawi wuwus,
panggya handika kusuma,
bale nata rondhon pari,
paran margane wak mami,
kepithing kang sabeng rawa,
nguswa raganta wong ayu.-

Langen asmara
lp. 14   pdt. 6-8     s.s.

Dhahat sukeng kayun,
kayungyun miyat sang nata,
jinurung Hyang Suksma,
karya ascaryeng sabumi,
dennya pepanggihan,
sami nareswara Jawi,
asmareng tyas dadya,
sri karongron angrerangin.-

Madu asmara

lp. 12   pdt. 5-7     p.b.

Kang waranggana,
saksana gya tumurun,
saking ngawiyat,
samya lumakweng siti,
prapta ing gunung,
Ngendrakila samana,
awirandhungan,
tyas lir madu asmara.-

Majanti     
lp. 9   pdt. 4-5

Leng-leng ing tyas
dahat nahen kung,
sru kandhuhan
brangta geng kingkin,
lamun ingsun
datan tulus angesthi padaring dyah utama.

Mintajiwa 
lp.16   pdt. 8-8             s.m.

Larasing reh sang nahen kung,
ing dyah tan kapadaningsih
kasangsaya ing turidha,
rudhatine angranuhi,
ngrancaka temah wigena,
ginupita ing sahari,
rinipta pama puspita,
pantes patrape kang warni.

Mintajiwa
lp. 16   pdt. 8-8

Sri araras sekar tunjung,
trate tuwuh tengah warih,
linuri myang pinilala,
lelangene pra maharsi,
dadya lambang pralampita,
tapak tabet ing pambudi,
tinarbuka ing kemuda,
lagya medem neka warna.-

Padma wicitra
lp.12   pdt. 4-4-4

Narpa putra,miyang garwa, lan arinira,rerep aneng patapaning dwijawara,
yayah kadya kumalane ing asrama,
kekuleman miyat ing pad-ma wicitra.

Palugon   


Palugon laguning lekas,
lukita linuting kidung,
kadung kadereng amomong
memangun manah rahayu,
haywa na kang tan agolong
gumulung manadukara,
karananira mangapus,
puspita wangsalan semon.-

Pamularsih     
lp. 15   pdt. 7-8

Nihan siswa umatur,
marang risang maha yogi,
sang wipra kadi paran,
karsaning Hyang Hutipati,
yogya saliring warna,
kang gumelar aneng bumi,
mugi ulun tedhahna,
tandya sang wiku anjarwi.-

Pangajabsih


Singa ranu,
panusuling magut pupuh,
baya tan bantu ing brangti,
kawi sekar srana pambengkasing rapuh,
mung kusuma,
bisa weh usada wuyung,
cipteng driya,
andheging ukara kidung,
sedya kula ngestu-pada,
sarpa kresna puspa rujit,
mung andika masku,
kang sung barubahing galih 

Pranasmara


Neng Karangdhempel leledhang,
kyai lurah Semar sapranakane,
miyat kebon-kebon tegalan,
aleren sami ngundhuh tarupala,
suka sindhen sesindhenan,
sarwi njoget genti-genti.-

Pusparukmi
lp.17   pdt. 4-6-7   p.b.

Dhuh kusuma,
kang sawang sitengsu,
wong kuning kembang blimbing,
maya-maya,
weh yungyuning driya,
baya jiwanta masku,
sagung resmi,
resmining rat sami,
kumarane manuksma,
cahya lintang,
teja ndaru lawan,
wangkawa kuwung-kuwung

Rara turidha
lp.16   pdt.8-8

Prabane saya ngenguwung,
sumunar sesining bumi,
kang kasongan ing buwana,
kapraban dipaning sang sri,
nara nata ing ayuda,
widagda asih sesami,
marma pra kawula tansah,
mudyastawa tur pratandha.

Retna asmara
lp. 12   pdt. 4-8     p.n.

Dhuh kusuma,
kang tansah asung  wardaya
sun tetedha,
denira sih tinulusa,
kawulanta,
sukeng tyas mangestu pada,
mring paduka,
mangayun-ayun asmara.-

Retnamulya   
lp. 12   pdt. 4-4-4 p.b.

Sukeng driya kadya manggih retna mulya,
kang sumewa kawangwang ma-nadukara,
dera samya miyat kangjeng nareswara,
ngela-ela dhawah ladrang Sri Widada.-

Sastra kusuma     lp. 12   pdt. 5-7

Leng-leng ing driya,
mangu-mangu mangunkung,
kandhuhan rimang,
lir lena tanpa kanin,
yen tan tulusa,
mengku sang dyah utama,
sang Dasamuka,
wuwusira ngrerepa.-

Sudira warna 
lp.12   pdt. 5-7

Duh gustiningsun
ingkang sawang apsari,
satuhu tansah
sung susah maring dasih,
nitya saninta
lumuntur ing sih tresna,
paran marganya
binareng bebondhetan.-

Sudira wicitra
lp.12   pdt. 5-7             p.n.

Dhuh gusti sampun,
dhahat sungkaweng galih,
bab sirnanira,
mengsah paduka gusti,
kalamun dereng,
ngabar kunta kawula,
baswara dibya,
aran pun adisara.-

Suraningsih    
lp. 12   pdt. 4-8

Lela-lela,
linali saya kadriya,
driyasmara
marang risang kadi Ratih,
Ratih ratu,
ratune wong Cakra-kembang,
kembang Jaya
–kusuma asih mring kula.-

Tebukasol
lp.9   pdt.4-5         s.m.

Anjrah ingkang
puspita arum,
katiyubing
samirana mrik,
sekar gadhung
kongas gandanya,
maweh raras
renaning driya.-

Tepi kawuri    
lp. 17   pdt. 6-6-5

Ulun caos atur,
yen pinujweng karsa,
mugi parengna,
kalilana nyekar,
ing tepi kawuri,
tibeng montronya,
binarung abareng,
gendhing nut wirama,
supaya ramya,
wimbuh sukeng driya,
mbok manawa bisa,
golong sambada.-

Umbul donga  s.m.

Umbul donga,
ya Allah eman basuki,
ya Allah slamet slamet,
ya Allah mulya waluya,
ya Allah selameta,
ya Allah Indonesia merdika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar