Megatruh
1.
Awak semplah ras-arasen
pijer mbekuh,
pikiran bundhel
kepati,
sinau tan bisa
mlebu,
pijer ngantuk
kethap-kethip,
theklak-thekluk
tansah angop.
2. Mangka sesuk wis
dikandhani pak guru,
apalan arep dibiji,
baya piye polahingsun,
apalane durung kasil,
sababe pijer sumados.
3. Iya iku pikolehe
bocah
mbesur,
sekolahe digegampil,
kakehan gojeg kalantur,
lamun dolan lali wanci,
aja mangkono nak ingong.
4. Wekasaning taun
banjur
agegetun,
nora munggah pangkat inggil,
mbaleni klase rong taun,
iku kapitunan yekti,
lah mula sing ngatos-atos.-
Megatruh
[ Sabdajati : R.Ng.
Ranggawarsita ]
1. Ki Pujangga
nyambiwara
weh pitutur,
saka mangunahing Widhi,
ambuka warananipun,
aling-aling kang ngalingi,
angalingkap temah katon.
2. Para janma sajrone
jaman
pakewuh,
kasudranira andadi,
dahurune saya ndlarung,
keh tyas mirong murang margi,
kasekten wus nora katon.
3. Katuwone winawas
dahad
matrenyuh,
kenyaming sasmita yekti,
sanityasa tyas malat kung,
kongas welase kepati,
sulaking janma prihatos.
4. Waluyane benjang yen
wus
ana Wiku,
memuji ngesthi sawiji, [ 1887 ] sabuk lebu
lir majenun,
galibedan tudang-tuding,
anacahken sakehing wong.
5. Iku lagi sirep jaman
Kalabendu,
Kalasuba kang gumanti,
wong cilik bisa gumuyu,
nora kurang sandhang bukti,
sedyane kabeh kelakon.
6. Pandulune Ki Pujangga
durung kemput,
mulur lir benang tinarik,
nanging kaserang ing umur,
andungkap kasidan jati,
mulih marang jatininggon.
7. Amung kurang wolung
ari
kang kadulu,
tamating pati patitis,
wus katon neng Lokhil-makful,
angumpul ing madya ari,
amarengi ri Buda Pon.
8. Tanggal kaping lima
antarane luhur,
Sela ing tahun Jimakir,
Tolu Huma Aryang Jagur,
Sengara winduning pati,
netepi ngumpul saenggon.
9. Cinitra ri Buda
kaping
wolulikur,
Sawal ing taun Jimakir,
candraning warsa pinetung,
Sembah Muksa Pujangga Ji
[ 1802
],
Ki Pujangga pamit layon.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar