Dhandhanggula
Ayam cemeng ingkang mubal putih,
simbok nganten mandhega sedhela,
kinarya tulak brangtane,
nutu pari nom tanggung,
simbok nganten pipine ramping,
gebyog malang neng ndalan,
sarenteg wong ayu,
mripate ndamar kanginan,
milar-milir eseme den incrit-incrit,
murungke wong sesanja.-
Dhandhanggula
1. Bedhug tiga datan
arsa
guling,
padhang mbulan kekencar neng latar,
thenguk-thenguk linggih dhewe,
angin ngidid mangidul,
saya nggreges rasaning ati,
rumangsa yen wis lola,
babo raganingsun,
dudu sanak dudu kadang,
neng pondhokan sayekti nandhang prihatin,
dhuh nyawa gondhelana.
2. Ngendi benjang
nggoningsun ngemasi,
ingsun weruh ombaking samodra,
ingkang tempuk ing parange,
kalamun ingsun lampus,
neng telenge ing jalanidhi,
dhuh raga melas arsa,
lir bathanging tikus,
kinepung ing baya mangap,
ora ana kulawarga kang meruhi,
dhuh nyawa gondhelana.
3. Ngendi benjang
nggoningsun ngemasi,
ingsun weruh wong nderes tirisan,
tiba tekeng antakane,
kalamun ingsun lampus,
kadya wong kang anderes kuwi,
patiku kewirangan,
akeh janma ngrubung,
wartane sumebar wrata,
nemu pati tan krana pasthining Widhi,
dhuh nyawa gondhelana.
4. Ngendi benjang
nggoningsun ngemasi,
ingsun weruh patining wong tuwa,
satusan taun umure,
tinangisan nak putu,
sambat-sambat luhe dres mijil,
sambate adhuh simbah,
tolehen nak putu,
ingsun weruh banget welas,
muga aja nemu pati kaya kuwi,
dhuh nyawa gondhelana.
5. Benjang lamun yen
ingsun
ngemasi,
pendhemen neng sapinggiring dalan,
prenahna kang akeh wite,
pamrihe cikben edhum,
mbok manawa mirahku tilik,
kareben bisa jenak,
sesendhen kuburku,
nanging ingsun nora sranta,
mak gumregah ingsun nora sida mati,
dhuh mirahe pun kakang.-
Dhandhanggula
[ suluk wujil ]
1. Dipun weruh ing urip
sejati,
lir kurungan reraga sadaya,
becik den wruhi manuke,
rusak yen sira tan wruh,
heh ra Wujil salakuneki,
iku mangsa dadia,
yen sira yun weruh,
becikana kang sarira,
awisma-a ing enggon punang asepi,
sampun kacakrabawa.
2. Aja doh dera ngulati
kawi,
kawi iku nyata ing sarira,
punang rat wus aneng kene,
kang minangka pandulu,
tresna jati sariraneki,
siyang dalu den awas,
pandulunireku,
punapa rekeh pracihna,
kang nyateng sarira sakabehe iki,
saking sipat pakarya.
3. Mapan rusak
sajatinireki,
dadine lawan ka-arsanira,
kang tan rusak den wruh mangke,
sampurnaning pandulu,
kang tan rusak anane iki,
minangka tuduhing Hyang,
sing wruh ing Hyang iku,
mangka sembah pujinira,
mapan awis kang wruha ujar puniki,
dahat sipi nugraha.
= Suluk Wujil : Sunan Bonang
Dhandhanggula
[ suluk malang sumirang ]
1. Dosa agung-alit den
singgahi,
ujar kupur-kapir kang den ambah,
wus liwung pasikepane,
tan andulu dinulu,
tan angrasa tan angrasani,
wus tan ana pinaran,
pan jatining suwung,
ing suwunge iku ana,
ing anane iku surasa sejati,
wus tan ana rinasan.
2. Pan dudu rasa
karaseng
lathi,
dudu rasaning apapa lawan,
dudu rasa kang ginawe,
dudu rasaning guyu,
dudu rasa kang angrasani,
rasa dudu rerasan,
kang rasa amengku,
sakehing rasa-karasa,
rasa jati tan karasa jiwa jisim,
rasa mulya wisesa.
3. Kang wus tumeka ing
rasa
jati,
sembahyange tan mawas nalika,
lwir banyu mili jatine,
tan ana jatinipun,
muni-muna turu atangi,
saosiking sarira,
pujine lumintu,
raina wengi tan pegat,
puji iku raina wengi sireki,
akeh dadi brahala.
4. Pangrunguningsun duk
rare
cilik,
nora Selam dening asembahyang,
tan Selam dening pangangge,
tan Selam dening saum,
nora Selam dening nastiti,
tan Selam dening tapa,
nora dening laku,
tan Selam dening aksara,
nora Selam yen anut aksara iki,
tininggal ora esah.
5. Selame ika kadi pun
endi,
kang ingaranan Selam punika,
dening punapa Selame,
pan ing wong kapir iku,
nora dening amangan bawi,
nadyan asembahyanga,
yen durung aweruh,
ing sajatine wong Selam,
midera ing likasan amontang-manting,
jatine kapir kawak.-
Suluk Malang Sumirang : Sunan Panggung.
Dhandhanggula
[ araning omah lan wadhah ]
1. Omah wadhah rinipta
mrih
manis,
kanthong dhuwit endhong wadhah panah,
pranji pitik kombong bebek,
rong ula susuh manuk,
krangkeng macan warangka keris,
leng gangsir esong landhak,
papon wadhah apu,
pragen bumbu plangkan tumbak,
slepi rokok gayor gong bothekan jampi,
epok wadhah kinangan.
2. Padaringan beras
lumbung
pari,
tulang jangkrik kebo sapi kandhang,
tala tawon sudhung celeng,
kurungan wadhah manuk,
gupon dara selon terasi,
gedhogan kandhang jaran,
tangsi saradhadhu,
sembahyang mesjid lan langgar,
klentheng Cina greja Protestan Katolik,
loji panggedhe Landa.
3. Dhompet dhuwit
patarangan
pitik,
bango omah kinarya dodolan,
gredhu papaning panjagen,
tumrap tanduran gubug,
hotel papan sipeng swatawis,
pasanggrahan kang kaprah,
palereban gunung,
bangsal gedhong gedhe endah,
bale mangu iku kinarya ngadili,
wong nglanggar kukum praja.
4. Omah madyeng taman
panti-sari,
padhepokan dununging pendhita,
pacrabakan iku nggone,
sang wiku mulang muruk,
myang memejang mring cekel cantrik,
yen bale mandhakiya,
kinarya manekung,
uga ran sanggar pamujan,
lawan sanggar palanggatan nunggal arti,
lan sanggar pamidikan.
5. Kasbut sanggar
pamelengan
ugi,
ingkang kaprah karan gedhong gajah,
iku musium yektine,
ing Jakarta sinebut,
gedhong arca kalokeng nagri,
Yoja Sanabudaya,
ing Sala sinebut,
Paheman Radyapustaka,
ana dene wisma kang kinubeng warih,
ingaran bale-kambang.-
Dhandhanggula
[ K.B. Citrasantika ]
Tibra layu wayahe Hyang rawi,
rawat-rawat sinamar Hyang lima,
amara semu sunare,
rereh dennya tumurun,
lir kepalang malang tumolih,
labet masih karenan,
myat resmining dhukuh,
wismane randha Dhadhapan,
mesi sotya kang lagya sinarawedi,
dinadar ing Jawata.-
Dhandhanggula
Ri Harjuna lan sira Srikandhi,
Bratayuda tan bangkit amendha,
Srikandhi caketa kene,
wit tan ana kang purun,
tandhing yuda lan Bisma resi,
tan-na lyan amung sira,
marma sira amung,
kang madeg senapati prang,
lumawana sumawana sira adhi,
njampangi lampah ing prang.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar