Mijil
[ Bancak Dhoyok mbarang jantur :
R. Ng. Sastrasutarma ]
1. Dhuh wong manis rehne sira nini,
wus diwasa katon,
datan wurung ing tembe sira ngger,
winengku mring priyanta sayekti,
marma dipun bangkit,
suwita ing kakung.
2.
Mungguhe wong suwita
mring laki,
iku luwih abot,
nora kena ngendel-endelake,
warna rupa bandha lawan asli,
pawitane ati,
rereh ririh ruruh.
3.
Basa rereh satindak den
aris,
satanduk den alon,
aja dumeh ingandel lakine,
lamun sira kuranga ngajeni,
nuwuhaken tebih,
ring katresnanipun.
4.
Mungguh ririh iku ta
sayekti,
saujar ywa dhoso,
sakecap ywa nyerik-nyerikake,
nadyan sira lagya amarengi,
nepsu maring laki,
myang mring liyanipun.
5.
Ujar manis myang basa
basuki,
iku anggung kanggo,
aja ingkang mring barayat dhewe,
nadyan tumrap mring liyan ywa kari,
iku bisa dadi,
gaman luwih ampuh.
6.
Basa ruruh iku ulat
manis,
lagia karengon,
maring laki ladenana sumeh,
myang den tajem jatmika ing liring,
poma aja nganti,
blere ing pandulu.
7.
Iku sirik mungguhing
pawestri,
ingaranan mangro,
tingal marang priya ing liyane,
kehing ngekeh aywa anglakoni,
tindak kang kadyeki,
ywan sirarsa lulus.
8.
Tri prakara iku aja lali,
minangka wewaton,
mring wanita suwiteng lakine,
baya aran musthikaning estri,
yen bangkit netepi,
kadya kang kawuwus.
9.
Kari siji poma aja lali,
yen sira lelados,
marang priya marengi mangsane,
teka lungan lawan tangi guling,
ywa binalang liring,
peteng myang mbesengut.
10.
Kena wae nepsu muring
muring,
nanging kudu mengko,
lawan maneh kabeh sirikane,
aja kongsi tinrajang salami,
iku jebeng yekti,
lulus ing pamucung.-
Bancak Dhoyok
mbarang jantur : R,Ng.Sastrasutarma
Mijil
[
layu-layu ]
1.
Layu-layu umiring sang
kingkin,
mring candhi patunon,
sung sesanti sang dyah kamuksane,
nedya anut mring sang guru laki,
kang gugur madyaning,
palagan wor lebu.
2.
Lenging driya kadya duking
uni,
nalika patemon,
datan nganggo mangu-mangu tyase,
hagni murub mbulat sundhul langit,
saksana den byuri,
swaranya jumegur.
3.
Gumaludhug gumleger
nggeteri,
bumi gonjing genjot,
samodra lir kinebur warihe,
goncang Bale Marcu Kundhamanik,
hapsara-hapsari,
saksana tumurun.-
Mijil
- Tarimakna garising pepati,
mring Gusti kinaot,
mokal lamun jagat tan ginawe,
lawan elok yen ngarahken pasthi,
lan ing ngendi-endi,
anane Hyang Agung.
- Manuk mabur angideri bumi,
nora wurung mencok,
nata agung gumunggung karsane,
tan wurung murud kasidan jati,
kabeh mung sadermi,
bayangan lumaku.
- Pikolehe kang cidra ing janji,
wuwuse tan maton,
nora tetep marang prasetyane,
temah akeh kang nyirik nyingkiri,
sapa dhemen lamis,
keduwung tinemu.-
Mijil
1. Ten intenku
sesotyaku
nini,
tuhu karya lamong,
ing bawana tan ana lintange,
dene tetep tanggon tata titi,
tatas tetes titis,
tatag teteg tutug.
1. Kawis tingal tyasira
pan
kadi,
sesotya mencorong,
tuhu pantes kinarya sesupe,
angrenggani ingkang driji manis,
pan tansah liniling,
kaliling kadulu.
2. Marmanira bangkit
ngusadani,
amberat wirangrong,
bumi akasa dadi paseksen,
suka lebur yen ta cidreng janji,
prasetyaku nini,
kandhas jroning kalbu.
3. Pepujanku ywa malang
tumolih,
salebeting batos,
ciptaning tyas pun kakang samangke,
tan lyan muhung dhasihira nini,
kang tansah dak kanthi,
kongsi prapteng lampus.-
Mijil
1. Tetalining memitran
katitik,
runtung-runtung katon,
tansah tresna tekan jro atine,
datan tau geseh ing pakarti,
teteh tur patitis,
wetuning kang tembung.
2. Akeh kanca kang
sajake
becik,
durung mesthi cocog,
cedhak-cedhak kreceg wicarane,
amung ngincer cacahing mas picis,
yen koncatan picis,
plencing njur malincur.
3. Golekana den kongsi
talesih,
ywa salah ndedelok,
aywa kleru sira pamilihe,
lawan mitra kang tulus ing lair,
lan batin kang kalis,
leletheging kalbu.-
Mijil
-Toya mijil saking lambung wukir,
gumrojog toyanjog,
tirta jroning jurang gumarenjeng,
lir tinalang kekalene mili,
tetilase limit,
lelumute lunyu.-
Mijil
Siswa-siswi tan kena ing lali,
ngudi ngelmu yektos,
kagunan iku dianggo dhewe,
tindak-tanduk becik ngati-ati,
ngibadah mring Gusti,
ngabekti mring sepuh.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar