Salisir
1.
Kanthi saiyeging kayun,
kita pra kanca sadaya,
sung pambagya mring pra myarsa,
manggiha suka raharja.
2. Mugi-mugi Kang Maha
Gung,
paring nugraha mring kita,
widada nir sambekala,
manggiha suka raharja.
3. Tan ana sawaleng
kayun,
sugenge pamengku praja,
saiyeg saeka praya,
manggiha suka raharja.
4. Panuwun kita
sadarum,
mugi-mugi nagri kita,
tinebihna sambekala,
manggiha suka raharja.
5. Mangka panutuping
atur,
kita pra kanca sadaya,
nyuwun gunging pangaksama,
manggiha suka raharja.-
Salisir
1.
Pratandhane ambeg sadu,
nedya nggayuh kautaman,
mandireng tyas kang rinasa,
rasa rasane dumadya.
2. Budi bebadaning kayun,
yayah satu lan rimbagan,
ginulang gelenging cipta,
antepe ingkang sinedya.
3. Winawas aywa kaliru,
rubedaning jim prayangan,
angrencana sedyanira,
murih wurunging kalakyan.
4. Narima awas lan emut,
mantep mantheng mring Yang Suksma,
manungsa iku sanyata,
tinitah luhur priyangga.
5. Taliti tetep tur
teguh,
guna klawan kasantikan,
kajatmikan jroning nala,
lambarana tapa brata.
6. Suminggah tindak kang
dudu,
dedalan marang kanisthan,
ngesthia ambeg raharja,
jamake janma utama.
7. Raras rumaket
rum-arum,
maratani mring sasama,
amemayu hayuning rat,
ngambar ngebeki bawana.
8. Karya tentreming praja
gung,
gampang antuk sandhang pangan,
[ gampang ngupa sandhang tedha ]
gemah ripah tata harja,
jinangkung karseng Yang Suksma.
9. Ta ......
Salisir
[ lambangsari ]
1. Pra wanita marsudia,
marang wulang kang utama,
setya tuhu marang garwa,
dadi rowang kang sembada.
2. Ingkang bisa nuju
prana,
weh reseping pamicara,
nora kengguh ing panggodha,
darbe budi kang santosa.
3. Balik priya
nimbangana,
ngayomana rabinira,
aja kemba asih tresna,
angayomi kulawarga.-
Salisir
1. Umiyos kanjeng sang
nata,
saking ing praba suyasa,
ginarebeg upacara,
kaampil srimpi bedhaya.
2. Myang manggung
katanggung jaka,
palara-lara sadaya,
sri nata ngrasuk busana,
kaprabon tuhu respatya.
3. Sembada bisa busana,
sanggya kang rinasuk endah,
sri nara nata sudibya,
ing tyas adil para marta.
4. Wening ing tyas
wicaksana,
putus patitising sabda,
prawira ambeg utama,
temen kertarta jatmika.
5. Wira tama rehing
nata,
sihing mring dasih warata,
marma ngenguwung tejanya,
angaweng wingit kawangwang.
6. Sunaring nur mawa
praba,
sang prabu prabawanira,
ambawani ing bawana,
tuhu kekasihing Suksma.
7. Yata sang prabu wus
lenggah,
asri neng dhampar kencana,
baludru wulu lurupnya,
linut ing baludir emas.
8. Sinebaran ganda
wida,
minging sumrambah gandanya,
meleb keleban jro pura,
mangingsep driya asmara..-
Salisir
[ Beksan karonsih ]
1. Sampun sawatawis
dangu,
nggenira andon asmara,
karonsih dadya pratandha,
golong gumolonging karsa.
2. Mangke sang
kusumaning
rum,
kekalih anunggal sedya,
meminta dhasih Hyang Suksma,
ingkang murbeng jagad raya.-
Salisir
( Sekar Puspagiwang )
1. Parabe sang mara
bangun,
sepat domba kali oya,
aja dolan lan wong priya,
gerameh nora prasaja.
2. Garwa sang Sindura prabu,
wicara mawa karana,
aja dolan lan wanita,
tan nyata asring katarka.
3. Sembung langu munggwing
gunung,
kunir wisma kembang rekta,
aja nggugu ujarira,
wong lanang sok asring cidra.
4. Gentha geng kang
munggwing panggung,
jawata pindha Arjuna,
jaman mengko kawruhana,
wong wadon keh ngamandaka.
5. Kramane suwaleng kayun,
ayam kuncung sabeng wana,
padune cuwa ing karsa,
wuwuse tan merak driya.
6. Burat pada prekutut gung,
sujanma misaya mina,
mbok iku den turutana,
dhokohe asor wong njala.
7. Gatrane kang kembang
randhu,
wogan alit tumbal wisma,
kemaruk nekakken karsa,
tan kena mengeng sedhela.
8. Penjalin tulis ing gunung,
kramaning pulasing wayang,
sun tingali warnanira,
semune kandhuhan brangta.
9. Sujalma mangendhang
dunung,
bremara lit taleng kisma,
kena sambang tutur baya,
wasana tan bisa nendra.-
Salisir
1. Arum kang raras manawung,
sesanti pamudyastawa,
lenging sedya
manembrama,
kang rinengga palakrama.
2. Tumrap ingkang nembe nambut,
nikah silaning
akrama,
luntura sihing Hyang
Suksma,
antuk jatining
nugraha.
3. Lumampah tuntun tinuntun,
tansah ngambah marga
mulya,
sing lara sing reh
ruhara,
sepi godha pancabaya.
4. Pangestuning para sepuh,
mring temanten
sekalihan,
ingkang nedya mangun
warga,
manggya harja suka
bagya.
5. Pangeran Kang Maha
Agung,
mugi paringa wilasa,
hamatengna jodho
setya,
tumekaning swarga
loka.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar