Balabak
1. Byar raina Ken Rara
wus
maring sendhang, mamet we,
turut marga nyambi reramban janganan,
antuke,
prapteng wisma wusing nyapu atetebah,
jogane.
2. Cethik geni
arerateng tata
tata, sumbule,
samantara kirimane wus samakta, kabehe,
ngambil slendhang Ken Rara nuli pamitan, renane.
3. Nggendhong cething
mang-
gul sumbul sarwi ngemban,
kendhine,
gya umangkat semparet agegan- cangan,
lampahe,
prapteng teba winulat kawuryan sonya,
gubuge.-
Balabak
1. Petruk ngucap yo
padha
alam-alaman, kang Gareng,
ingsun iki Dasamuka kang peng-pengan,
kang Gareng,
lah ngakua sapa kang ngaglah neng dalan, methentheng.
2. Wathah thithah si
Petruk
kok cumanthaka, anggake,
hiya babo takon aku prabu Rama,
asmane,
lah balekna garwaningsun dewi Sinta,
den age.
3. Ihik bojleng aja
sira wani
wani, mecece,
sumurupa dewi Sinta dak kukuhi,
ben wae,
lah mulane aja mbacut kudu bali, ndang age.
4. Dasamuka sira tan
kena sun
eman, gumedhe,
bosen urip Dasamuka krasa tangan cekake,
ayo perang anggere ethok-ethok-an,
janjine.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar