MUSSS

Jumat, 03 Maret 2017

Dhandhanggula Adakan




Dhandhanggula
[ Slisir maring tegareng ]

1. Dhedhep tidhem
prabawaning ratri,
sasadara wus manjer kawuryan,
tan kuciwa mamanise,
menggep sri nateng dalu,
siniwaka sanggyaning dasih,
aglar neng cakrawala,
winulat ngelangut,
prandene kabeh kebekan,
saking kehing taranggana kang sumiwi,
warata tanpa sela.

2. Kinalangan kukuwung
ngawengi,
lir wewengkon bale
mandhakila,
masewakaning pamase,
jroning kalang kadulu,
kang sumewa parek neng ngarsi,
mung punggawa sajuga,
arya panjer surup,
pramukyaning taranggana,
kang sawega rumeksa pringganing ra-tri,
ngayomi ayuning rat.

3. Tan petungan panjrahing
wadyalit,
arahane mawor-mawurahan,
ngapit narmada prenahe,
jro petenging serayu,
angragancang sang Bima sakti,
nyuwak tutuking naga,
kang sikareng laku,
yeku mangka pralampita,
mrih mengeta kang mantep teteping budi,
widada kang sinedya.

4. Neka warna pangkating
wadya ji,
nora worsuh tataning sewaka,
gumolong gegelengane,
kang dadya juru tuduh,
padomaning para mong tani,
gelaring panangkilan,
rinakit waluku,
wuluh wuku lan kukusan,
gubug penceng malesat wor lanjar ngirim,
mangreh lakuning mangsa.

5. Kang sumewa luhuring
udadi,
pan pinindha dhapuring giyota,
pra nangkoda pandomane,
de kang dadya pituduh,
pamardining kang ulah kardi,
sinamar neng busana,
kasarireng prabu,
jroning praba marakata,
sinung tandha pindha widadari ngantih,
neng soring wringin sungsang.

6. Kang saweneh punggawa
piniji,
asung penget pangreksaning raga,
ing mangsa roga praptane,
yeku arya kumukus,
manjer dwaja neng pancaniti,
tangeh yen winursita,
satataning dalu,
ndungkap luwaring sewaka,
jaka belek merem melek melik-melik,
sasmita minta nedra.

7. Samantara wus danguning
rawi,
hyang Purnama wus manjing ngancala,
gumiwang surem sunare,
sawung bareng kaluruk,
kapiyarsa melung melingi,
mring kang kasuwen nendra,
ywa kongsi kadarung,
mengeta mring pangarcana,
angluhurna gunge kawasaning Widhi,
kang nitah saniskara.

8. Dyan umimba punggawaning
ratri,
riyep-riyep risang panjer rina,
lir pasrah pangawasane,
dennya rumekseng dalu,
pangasoning sagung dumadi,
wus sedheng pinardiya,
ngayati panggayuh,
iyeging panambut karya,
datan liya Hyang Surya kang mirong wangi,
tuduh sidining sedya.

9. Tanggap mulat hyang Arka
naketi,
dumipengrat ambabar prabawa,
sumirat-sirat sorote,
mega sinungging wungu,
graning arga pinulas wilis,
samantara kawuryan,
hyang Surya wus mungup,
ngancik pucaking aldaka,
larut mirut tedhuh ing dalu kalindhih,
sumeblak tanpa sesa.


10.    Anglur selur lakuning
wong tani,
bareng mangkat maring papasaran,
pating krengkot pikulane,
weneh sikep waluku,
maring sawah tegale sami,
si gundhul nethek kandhang,
kebone pinecut,
ngucul sami tinumpakan,
ngenak-enak neng gigir marep mring wuri,
sembari ura-ura.

11.    Melang-melung lelakon
ginurit,
alon bae hir-hir kya-kya -- ,
uler kambang saktitahe,
nora nana kesusu,
yen narima karsaning pasthi,
lakune wis jinangka,
jangkahe den ukur,
kesusu amburu apa,
yen wong murka anggake kudu ndhe-weki,
wus turah durung trima.

12.    Nora menget adiling
hyang Widhi,
dennya mandum jatining pangrasa,
tan pisan bau kapine,
sanggyaning kang tumuwuh,
binageyan legi lan pait,
nadyan silih darbea,
wis malir swarga gung,
kinunci kancing kancana,
nora wurung susahe nlesep nusupi,
tumameng mangsa kala.

13.    Yen pinuntupan toging
tyas yekti,
nora suka murka ngongka-ongka,
anjangka kang kae-kae,
karana kang tinemu,
nora liyan suka lan sedhih,
demange nora beda,
lan si gundhul pacul,
mene seneng mengko susah,
yen narima susahe mirut sumingkir,
rampung tanpa prakara.

14.    Ayem guyem kang kaya
wak mami,
repet-repet wus berak neng beran,
ngadhang segere srengenge,
molah nglalantih balung,
ngulur otot ngingirih getih,
lir kukila neng tawang,
mina neng jro kedhung,
sajeging sun dadi bocah,
durung wikan rasaning badan nglelen-tih,
mung bingar tyas pirena.


15.    Temah tuwuh segere
nartani,
lengeningsun kiyale kalintang,
mathekel katon kucinge,
keneng sawabing ebun,
kang sinebar ing maruta ris,
woring sorot tembean,
doyananing bayu,
hyang Surya tan kadang konang,
dennya mandum prabane sinami-sami,
tan mawang milih janma.

16.    Lamun ngelak ingsun
darbe warih,
kang sumreweh nuting padhas gempal,
wening tur sumyah rasane,
sakehing kang sinebut,
omben-omben ingong kilani,
mangsa silih nyundhula,
lan segering banyu,
mengko nadhah lan janganan,
sambel rawit lalaban timun lan metir,
segane beras anyar.

17.    Setham-sethom segere
kepati,
yen wus enak weh kuwating raga,
apa maneh jalukane,
sore ngong mapan turu,
aneng lincak lambaran widhig,
prenah wurining damar,
sumamar neng ngundhuk,
tentrem rasaning tyasing wang,
mung kumandel kinemulan ing Hyang Widhi,
bek-sek tanpa mirasa.-

- Slisir mareng tegareng


Dhandhanggula

[ Manuhara 203-204 ]

  1. Puteging tyas daruna
geng kingkin,
kagunturan ing krama sarkara,
kelut kalimput anggene,
nir kabudayanipun,
lir kataman ing astra bahni, brastha tanpa upaya,
puwara gung wuyung,
wahya wiyadining driya, driyasmara maripih marek ngeneni,
nangsaya maweh brangta.

  1. Ingimur-imur mara
mrepegi,
linali-lali saya ngalela,
lenge ing tyase ngaleleh,
paran wusaneng gandrung,
de kadereng ndarung kapati, kapatuh ing pantaka,
pan teka kadurus,
kadrawasaning kung rimang, reming netya satata kang mikatoni,
kontraning dyah kotama.

  1. Tamtam tuman
tumontoning resmi,
reseping tyas ing respatinira,
nirmakken langen resmine,
sor kang angsana tunjung,
tunjung merang marang maskwari,
rekasa lumawanna,
kucem warnanipun,
sari-sari sabuwana,
kasangsara lan sira rebut mamanis,
manungsung asung ganda.

  1. Ganda arum tinumrapken
maring,
wandanira sumrambah warata, sumrik-sumrik sarandune,
kongas mangekesing kung,
madu-madu pathi sabumi, bubar padha tumiba,
tumpek tumpuk sungsun,
seseg aneng sariranta,
kumarane kumerab amerak ati,
marwasa weh wiyoga.

  1. Miwah lidhah lawan
kilat thathit,
apapanthan lawenne anuksma, kaneng liring karemenne,
marma lamun tumanduk,
lir anggane sara Sangkali,
lumarap ngalap jiwa,
nir jiwatanipun,
sumawana surya candra,
myang kartika prabane amrabawani,
marang wadananira.

  1. Sotya-sotya musthika
di-adi,
jagad raya wus ngumpul sadaya,
dumunung tyasira angger,
kontap ngumala merdu,
kasusilan silaning estri,
sutreptining akrama,
teja lan kukuwung,
kawangwang neng imbanira, mamanonne nanangi ana ing ati,
oneng anon mring sira.

  1. Pradapane ingkang taru
resmi,
raras-rume rumaraping sira,
wus surem ngalih sunare,
sumirat maring tutuk,
tungtung reta ngrorontog ati,
bremara lan mutyara,
cahyane cumundhuk,
cumandhi ring wajanira,
narawungi wangun lir tetesing wa-rih,
kengis ngasmareng cipta.

  1. Lung-elungan
kalangening langit, anglanglangi lumengenging kisma,
tumungkul ngukel sinome, sinatmata weh trenyuh,
anyuhing tyas rudita gati,
swara sa-marcapada,
kang mardangga arum,
rumaket keket lan sira,
srining swara lir rindinging pra apsari,
kumenyut nganyut jiwa.

  1. Temah tumpeg-pepeg sa-
ananing,
tri-buwana kumarane mara,
merak marang sira kabeh, kambuh-kambuh mbuburu,
mring kusuma kudu andasih,
asih angestu-pada,
ajrih mbok sinartu,
sinadarga lamun sira, musthikengrat nadyan Supraba lan Ratih,
mung dadi kanthinira.-

-          manuhara





Dhandhanggula
[ Prayangkara 215 ]

1. Pisang jenar gandanira
amrik,
janma ingkang kajantakeng praja,
graitanen sabacute,
ingkang tumibeng luput,
saranane kang palwa mili,
parikan jenu tawa,
ywa sira ketungkul,
ing solah kang tanpa karya, menyan pita ingkang we mijil jasmani,
engeta kawirangan.

  1. Nuswa alit tampingan
Serandhil,
pacet agung kang sasaneng toya,
kang narima satitahe,
begja cilaka iku,
dasih nata ingkang sinelir,
waruju Sri Cempala,
nistha kawlas ayun,
tan pilih paranning marga,
jenang sobrah ancur bang jabaning tulis,
takdir tan kena selak.-

-          prayangkara



Dhandhanggula

[ Prayasmara 216 ]

1. Pisang lesah sang
rajeng Kubarsi,
saben dalu datan antuk nendra,
gunting wohan swareng bendhe,
kacipta mung sireku,
garwa Prabu Malawapati,
setyanana ngawula,
pambagene etung,
paranne amung sakedhap,
suling dara wana lit turuting tepi,
yen nyawang tarataban.

  1. Gayung sumur welut ing
wanadri,
tambanana inten branta kula,
rotan buntal tan ginawe,
tingalana masingsun,
putri adi nagri Kubarsi,
sakadare kewala,
calumpringing pantun,
lamine wanuh lan sira,
suku palwa kang arta ciri turanggi,
katon sasolahira.

  1. Suket galeng rinumpaka
gusti,
kang baita kandheg ing samodra,
rontang-ranting temahane,
abdinya nedya labuh,
mring kusuma kang asung branti,
blimbing mindha widara,
careme dumunung,
wismeng pupujan ngulama,
raosing tyas dhuh Gusti kadya rinujit,
kang ketang amung sira.-

- prayasmara    


Dhandhanggula

[ warayagnya 147]

1. Warayagnya wedharing
palupi,
pinandara macapat sarkara,
ing nalika panitrane,
Senen ping kalih likur,
sasi Saban Dhestha Be warsi,
sangkala Nyatur Slira,
Mumulang mring Sunu,
nJeng Gusti Pangran Dipatya,
Arya prabu Prangwadana kang a-marni,
winahya mring pra putra.

2. Kakung putri ing reh
palakrami,
sumawana kang sami jajaka,
tan wun tembe pikramane,
marma tinalyeng wuwus,
wasitane mengku pawestri,
ywa dumeh yen wong priya,
misesa andhaku,
mring darbekireng wanodya, palakrama nalar lan kukum kang dadi,
yen tinggal temah nistha.

3. Wuryaning reh priya
kang rumiyin,
lamun arsa angupaya garwa,
den patitis pamilihe,
aywa kaseseng kayun,
mbok manawa keduwung wuri,
ya bener yen wong lanang,
wenang duwekipun,
rabiya ping pat sadina,
kena uga wuruk karepe pribadi,
nanging ta tan mangkana.

4. Dadi ora ana ala becik,
ngilangaken istiyaring gesang,
yen ngarah apa tekade,
andarung kadalarung,
ngelmu sarak den orak-arik, mbuwang ajining badan,
lumuh reh rahayu,
tur upama kalakonna,
kasangsara kaduwunge anekani,
manglah nunutuh driya.

5. Aja nganti mangkana ta
kaki,
becik apa cinacad sasama,
wong gendhak kalakuwane,
sapa kang duwe sunu,
wadon aweh sira rabeni,
kiraku nora nana,
kejaba kebutuh,
ala rinabenan Koja,
becik bangsa wit tan duwe putu Encik,
mung iku ciptanira.

6. Kawruhana kaduwunging
ati,
jalaranne mung patang prakara,
wong anom dadi brangtane,
dhingin myat warna ayu,
kaping pindho milik wong sugih,
kaping tri kawibawan,
lan kaping patipun,
kena sambang sarawungan,
rokok kinang winehken lan ujar manis,
rinuket mrih asmara.


7. Wekasane ya kena
sayekti,
ngadatira wong anom mangkana,
keh rabi dudu niyate,
yen kena sutaningsun,
arabiya jalaran becik,
aja rabi pasokan,
nistha yen dinulu,
angapesken yayah rena,
wruhanira manungsa neng donya iki,
yen kena kang tinedha.

8. Ingkang dhingin
rahayuning dhiri,
kinalisna sakehing prakara,
myang sak serik sasamane, kapindho badanipun,
aja kambah barang panyakit,
kaping tri aja tansah,
susah manahipun,
kaping pat arsa darbeya,
anak lanang kang mursid minangka wiji,
ndawakken umurira.

9. Mula nora gampang wong
arabi,
kudu milih wanodya kang kena,
ginawe rewang uripe,
sarana ngudi tuwuh,
myang ngupaya kang sandhang bukti,
wiwilangane ana,
catur upayeku,
yogyane kawikannana,
dhingin bobot pindho bebet katri bibit,
kaping pat tatariman.

10.          Papat iku iya uga
kanthi,
dhingin warna kapindhone brana,
kaping tri kawibawane,
catur pambekanipun,
endi ingkang sira senengi,
aja nganti angawag,
manawa keduwung,
karana milih wanodya,
datan kena den mupakatken sasami,
wuruk neng karsanira.-

- warayagnya-147-148


Dhandhanggula

[ sriyatna 158-160 ]

1. Lir mangingsep
madunig kang sari,
surasane denira mardaya,
tan milalu kamuktene,
mung ketang prajanipun,
kang pininta jroning semadi,
mugi ta pinarengna,
mrih harjeng wadya gung, tentrem rena ing tyasira, winantuwa ing sandhang kala-wan bukti,
wruha mring yogyatama.

2. Sumrambahe marang
garwa siwi,
kaping kalih ing panedhanira,
mugi para atmajane,
kang sampun sinung lungguh, nama pangran ngraosa bilih, sampun antuk nugraha,
nunggil namanipun,
lawan Kang Murbeng Bawana, dipun sukur den saged marnah-ken dhiri,
nglenggahi namanira.
3. Sumawana sadhereke
sami,
priya ugi enggal sumusula,
ntuk nugraha lir kadange,
lawan pamujinipun,
dhateng putra kang sampun wanci,
diwasa nampenana,
ing sasmitanipun,
kang rama dennya mrih harja,
bantonana ing lampah ingkang prayogi,
lan pamesuning driya.

4. Lumayanna denira
marsudi,
upamane palwa neng samodra, nadyan wasis pandhegane, kalamun palwanipun,
awrat datan samapta sami, mangsa ge papteng paran, tansah kombak- kumbul, mangkana para sujanma,
tanpa brata ngandelaken yayah-bibi,
tan kena kang sinedya.
5. Kang mangkono dadi
uler turi,
awit netes praptaning diwasa,
tan lunga saking enggonne, kang mangka bojanipun,
mung galihe punang wit turi,
lami-lami katresan,
bolong delegipun,
uler medal sing sasana,
dadi kupu mbambrang adi ingkang warni,
wus prapta kang sinedya.

6. nTuk nugraha katekan
ing kapti,
nadyan roga ana dadinira, lamun kojur lalakonne,
wit turi saya alum,
marga saking atine rujit,
ulere nora doyan,
ilang rasanipun,
yen katempuh ing prahara,
kayu pokah kang uler cinucuk pitik,
temah sirna kalihnya.
7. Kang saloka tumrape
neng janmi,
kayu turi yeka yayah rena,
uler kang mangka sutane,
wus tamtu bapa biyung, ngupakara weh sandhang bukti,
myang mrihatinken ing tyas, sung pemut rahayu,
kongsi praptaning diwasa,
lamun putra nggraita ndarbeni budi,
welas mring ibu rama.

8. Angupaya wekasaning
dhiri,
pirabara bisa amalesa,
marang sihe wong tuwane, lamun tan bangkitipun,
amung aja ta dadi pikir,
myang karya susahira,
iku saminipun,
uler kang metu sing wreksa, dadi kupu anak bisa dadi pyayi,
kena tinon ing kathah.

9. Kang mangkana begja
den aranni,
prihatine ana dadinira,
seje kang tiwas lakonne,
anake mengeng tuduh,
wus diwasa datanpa budi, weruhe mung wong tuwa, anggelar piangkuh,
sandhang pangan mrih samapta,
duwe japa : aku anake wong sugih,
tur tedhaking awirya.

10.     Lamun datan
mangkene ya isin,
apa aku anaking sudagar, ngitung pangan sadinane,
kabeh titah Hyang Agung,
ana urip ya ana bukti,
kang weruh sesuk sapa,
ujar kang puniku,
bodho bundhune ndaluya,
kang mangkono lamun tan mangan sa-ari,
nyalinguk jroning driya.

11.     Dadi dora ujare
kang uwis,
tangeh lamun terus ing wardaya,
tekade amencla-mencle,
banjure nora wurung, ngendelaken mring yayah-bibi,
salamine mangkana,
kalle ing tumuwuh,
denira ana ing dunya,
datan lana samubarang owah gingsir,
raga puara sirna.

12.     Kaya paran yen
kalakon benjing,
yekti kadi uler isthanira, sampyuh bareng lan uwite, nanging ta majadipun,
kang rumiyin mring alam suci,
tamtune wong atuwa,
anak kari mangu,
getunne jer wus kaliwat,
nora wurung uripe tan kadi nguni,
duk maksih sudarmanta.

13.     Marma sinung
pepenget samangkin,
pra atmaja muga andriya-a,
ing tembe kawusanane,
kalamun maksih ayun,
mring kadarman dennya dumadi,
darajad ginayuha,
ing sapangkatipun,
timbanga lan bangsanira, supayane ing benjing sampun prihatin,
yen asor kang prabawa.

14.     Dene laku ingkang
dadi margi-,
ning kawiryan muga sumurupa,
ingkang mangka pusakane,
aja agawe rengu,
myang sak serik sameng dumadi,
dipun pracayeng Suksma,
lan aja tekabur,
tingalira kang sanyata,
ywa suminggah wisesanira Hyang Widhi,
aja angumbar karsa.

15.     Aja pegat
suhulireng Widhi,
den dohena saliring bancana,
rinaksa-a salamine,
sinunga tyas kang emut, dinawakna dennya dumadi, nenuwa ing kamulyan,
titi kang pitutur,
Kemis tanggal ping wolulas, Madilawal tauh Je den sangkalani,
Tan Gatra Mulang Siswa.-          


- sriyatna-158-160



Dhandhanggula

[ tripama 190-191 ]

1. Yogyanira kang para
prajurit,
lamun bisa sami anulada,
kadya nguni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

2. Lire lalabuhan tri
prakawis,
guna bisa saniskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk mbantu prang Manggada nagri,
amboyong putri dhomas,
katur ratunipun,
purunne langkung tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

3. Wonten malih tuladan
prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

4. Kumbakarna kinen mangsah
jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan noleh yayah-rena,
myang luluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapti,
punagi mati ngrana.

5. Yogya malih kinarya
palupi,
Suryaputra narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

6. Minungsuhken kadange
pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males sih,
-ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

7.Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda ngudi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.-   


tripama








Dhandhanggula

[ yogatama 192 ]

1. Sinten ingkang bayunipun
sami,
kadunungan darahing Mataram,
kang tan kamomoran ing len,
kang manahipun tuhu,
sanget asih dhateng nagari,
myang dahat asih marang,
panjenengan ratu,
angrepiya kados kula,
condhong karsa lan kula anunggil budi,
myang cipta tanpa taha.

2. Angrepiya ing kidung
puniki,
pasamuwanira pra satriya,
Hyang Suksma dadya parenge, mawantu nugraha gung,
sumarambah katur nagari,
myang katur ing narendra,
ing kamulyanipun,
wit dennya rumekseng jana,
kang winengku tan kandheg pinrih basuki,
marma wajib pinudya.

3. Ya Allahu Tuwan Maha
Sukci,
mugi-mugi Tuwan ngayomana,
sampun pegat pangreksane,
mring siti dunung ulun,
gesang tuwin panggenan mami,
kala lare kawula,
miwah dunungipun,
badhe antaka kawula,
sumawana ing jasad ulun samangkin,
taksih nglindhung ing Tuwan.

4. Amba nuwun kamirahan
Widhi,
saha sanget getering wardaya,
lestantuna salamine,
nagri klairan ulun,
winedalna jawining westhi,
tuwin lestantunira,
panjenengan ratu,
dennya umadeg Kalipah,
kang minangka wakiling Hyang Maha Sukci,
rumakseng nuswa Jawa.- 

yogatama


Dhandhanggula
[ paliwara 196-197 ]

1. Jenu tawa pisang gandha
wangi,
aja tungkul kulup den graita,
Ragu-suta mardi jene,
ramanta pan wus sepuh,
wisma aglar ing pancaniti,
den kerep sebanana,
prabatanging pantun,
dimen paring wulang sira,
patri wastra garinging mina jaladri,
nalar pangrehing praja.


2. Carang wreksa ingkang
jamang tambir,
wit tan gampang wong mengku naga-ra,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg tranging cipta,
sendhang niring ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta mungging ardi,
yen apes kawirangan.

3. Kampuh nendra ron lesah
binukti,
mula kulup banget wekasingwang,
sarpa lit ponthang warnane,
saking sumelangipun,
brama harda kang mrica putih,
mulat mring solahira,
bengkik geng ing kedhung,
igeh bocah manahira,
bebek rawa wastra pethak ciri esthi,
wis sedheng marenana.


4. Burat pada raning sato
bukti,
mbokmanawa katrucuting mangsa,
bantheng bang jarwa sonyane,
sapira kaduwungmu,
kandhela -- kang sabeng kali,
lir kinjeng tanpa soca,
pangiriding satu,
nora nana kang nuntuna,
perak kresna wastra laranganing Gusti,
temah rusak kang tata.

5. Gancar wayang kang
mulwijo sisik, yen kalakon kang kaya mangkana, kara kang remit godhonge,
kapriye solahingsun,
sobrah wreksa tumameng siti,
myang sadulurmu padha,
lembing sabeng ranu,
nora bisa ndulu sira,
paku wreksa babantu sipating pati,
sun tedha mring Hyang Suksma.

6. Astra dibya risang Ragu-
siwi,
muga-muga kulup ramanira,
piring geng beda tulise,
panjanga yuswanipun,
sudarmane Sang Hyang Pramesthi,
menangana rabinta,
tangkil geng ing dhusun,
sukur nganti menangana,
cawang wreksa widara kang pindha warni,
ing canggah warengira.-
 
paliwara







Dhandhanggula

[ rerepen 220-222 ]

1. Rengating tyas rinapih
ngrerepi,
rinumpaka sinawung sarkara, wawangsalan karemenne,
dhuh babo roning pantun,
ancur pethak tumraping carmin,  
saya lami karasa,
kalabang sumunu,
ora rena ing tyas ingwang,
benthik wreksa atmajeng Santanu Resi,
tan jenak aneng wisma.

2. Pakis mudha sekar awoh
tasik,
alulungan tan nana sineja,
jalidri amba godhonge,
mung ketang kang maweh kung,
katu alit wungu kang warni,
ambalut tur jatmika,
bajuning dyah tanggung,
kuning bentrok maya-maya,
sekar pisang basa kawining nagari,
patut musthikeng praja.



  1. Suteng Endra watese
kang tulis,
sun watara janma madyapada, puter geng tutul murdane,
tan ana kang kadyeku,
tapas aren kang senthe wukir,
duk kuna jare ana,
sanjata pamupuh,
putri adi ing Manggada,
watang criga tepi wastra kang cinawi,
kiraku durung padha.


  1. Menyan seta pangabaran
peksi,
salawase sun anjajah praja,
pager pura pulas jene,
Batawi prapteng Kudus,
kakawine kang sosotya di,
durung tau umulat,
andakara murup,
memper mirib warnanira,
lambang brana pelem alit ngganda wangi,
urup den doli karya.

  1. Bale nata murweng
darbe siwi,
kaya paran tembe dadinira,
gancar wayang upamine,
lakonne raganingsun,
pacet agung kang suling paksi,
tan betah anyawanga,
putusing pangawruh,
kang kadya wulan purnama, kendhal jeram pungkasing kang bangun enjing,
kasereng saput ndriya.

  1. Sipat kresna ron lesah
neng siti,
sun celaki wuwuh tejanira,
ancur sotya taruning we,
dhasare nyata punjul,
jambe arga nateng Biraji,
gawe kisruhing driya,
gagelang panuduh,
kongsi lali neng paseban,
bikang rekta kang wastra ngiras bebenting,
micara nora cetha.

  1. Krameng boja praja
sang Sumali, sun tatedha sang kalengkaning-rat,
taru kang nedheng rumembe, dadiya jodhoningsun,
kancuhing kang duta narpati,
mangka kanthining gesang,
tyas sengsem binumbu,
saiba ayeming driya,
nulad sastra jinten langking madha warni,
nurunken wiji priya.

  1. Sarah tala sang
narendra kapi,
lamun benjang tembe dadi garwa,
bidho geng pingul warnane,
sun reka-reka wuru,
nateng Kobar kang dindang kuning,
supadi anjintela,
pangabaran pandung,
tumuli ingsun ngrerepa,
lagu sastra sirating bramara gusti,
ing sekar Maduretna.

  1. Kirab wastra kadang
Kartapati,
ingsun kebut aneng daganira,
kepet dangan lomeng wade,
yen nglilir mirahingsun,
paparabe Hyang Surapati,
sun dhresel melu nendra,
ditya lit kang gundhul,
sun wedeni ana wilwa,
ron usada rowang temah dadi weri,
pesthi balik maring wang.

  1. Gudhe pandhak
sendhang geng ing wukir,
kaya ngapa leganing tyas ingwang,
taru di swarga enggone,
sasat katiban ndaru,
pisang panjang kang tanpa sari,
gapyak gebyare ana,
wisayaning manuk,
sakala datan panon rat,
ganggeng wreksa prajane sang Suryasiwi,
rumasuk malbeng angga.

  1. Teken palwa sela
kang rininjing,
satangine saking pagulingan,
kang lampis wungu kembange,
pantese pungun-pungun,
rajeng praja ing Ngambarkawit,
sun ajak marang jamban,
prasidaning laku,
banjur malbeng patamanan,
sepat panjang kukila kang mangsa paksi,
mider angalap sekar.- 


Dhandhanggula

[ wulangreh ]

1. Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
tan wruh lamun akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

2. Sasmitaning ngaurip
puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.




3. Jroning Kur’an nggoning
rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira angguguruwa.


4. Nanging yen sira ngguguru
kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sukur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.

5. Lamun ana wong micareng
ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara karuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
ana-a kang mupakat.

6. Ana uga kena den antepi,
yen ucul saking patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembah-hyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.

7. Angel temen ing jaman
samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaya ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
den arani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.


8. Ingkang lumrah ing mangsa
puniki,
mapan ki guru kang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wis lumrah karuhun,
jaman kuna mapan ki murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu angguguru,
ing mengko iki ta nora,
kyai guru naruthuk ngupaya
murid,
dadiya kanthinira.- 







Tidak ada komentar:

Posting Komentar