MUSSS

Kamis, 02 Maret 2017

Dhangdhanggula-2

Dhandhanggula

[ Residriya ]

  1. Wus kapungkur wulang laki-
rabi,
nuturaken pratingkah ngagesang,
mring wong anom-anom kabeh,
basa wong anom iku,
anganama polah kang becik,
widigda kawidigdan,
jaya-wijayantuk,
yen wus ngaji kadigdayan,
nggegulanga sira ngelmu kang sejati,
kang aneng jroning nala.

  1. Raga iku tuladha sayekti,
yektenana neng sajroning nendra,
pan ora pisah sipate,
sipatira puniku,
ing liyane ngarani guling,
tur ta sajroning nendra,
datan ngrasa turu,
puniku basa turutan,
iya iku teturunane wong mati,
mati sajroning gesang.

  1. Iya iku asma kang sejati,
karantene padha den estokna,
iku basa sabenere,
mila satengahipun,
para santri padha angaji,
angajap-ajap swarga,
swarga kang neng luhur,
angawur-awur kewala,
ing wekasan amangeran makdum sarpin,
sabab tan wruh ing nyata.

  1. Nadyan silih akeha kang santri,
nora kena kaki sira mora,
ana bodho myang pintere,
yen mungguh santri gundhul,
liring gundhul iku nggundhili,
kang ala-ala ika,
iku kang sun tutur,
tan wruh sejatining sastra,
kang kaesthi amung pakolehe ngemis,
saking dahat damanya.

  1. Pangrasane wong bresih ing weni,
pan katona muklis ing wardaya,
tur nora jujur tekade,
rambut dawa cinukur,
pan kinarya pikating asil,
antuka anenedha,
dennya saba dhusun,
lir priyayi panggrabagan,
anisthakna lamun panen ani-ani,
yen bakda adol donga.

  1. Kang satengah santri jlamprah kaki,
larah-larah apindha satriya,
ngandelake maonahe,
kabeh janma nalungsung,
ting talungsung padha angabdi,
dinalih yen kusuma,
mila keh kang rawuh,
tur ta wuwuh mundhak beja,
ambayani temahane den bronjongi,
sinelong wekasira.

  1. Ana meneh santri jlamprah
kaki,
nora kaprah ndhugal dadi begal,
kateragal sapolahe,
ana kang olah dhadhu,
keplek kecek kertu madati,
iku kang nyirnakena,
ing kasantrenipun,
karane wekas manira,
atiru-a sira ing tingkah kang yogi,
yeku wong kang ngulama.

  1. Basa ngulama iku ngalami,
angalami ujar becik ala,
kang ala siningkirake,
ingkang becik cinakup,
amrih cukup tepunging ngelmi,
ngelmu kang adu rasa,
rerasan kang antuk,
antuka donya akherat,
nyamadana nalar trus yuda negari,
rineksa ing Hyang Suksma.

  1. Kang pinasthi sasmita kang
wadi,
kang pinardi mung ngelmu kang nyata,
den nyatakken kayektene,
den yekteni satuhu,
tuhu kembar lan rasa jati,
jati-jatining ora,
saking ananipun,
Pangeran asipat ora,
ing orane wit saking ngapura niti,
pan maknane nakirah.

  1. Napi nakirah lan napi jinis,
iya iku jinising Pangeran,
kang napi tansah isbate,
dalil lawan madelul,
pan kinarya upama iki,
Gusti lawan kawula,
sarat lawan masrut,
lir dhalang kalawan wayang,
upamane kang muji lan kang pinuji,
iku sira den pana.

  1. Basa pana pan punika sidik,
sidik bener benering panunggal,
kang tunggal pinisahake,
yen wis wignya puniku,
bisa ana lan ora iki,
basa iki lan ika,
iki ika iku,
yen sira kaki wis wignya,
ujar iku pasthi martabatan wali,
wali-wali cinipta.

  1. Wali-wali nggoningsun marahi,
lamun sira dadi santri jlamprah,
den nedya kaprah wong akeh,
yen dadi santri gundhul,
den gumandhul nggandhul nggendholi,
nggendholi ujar nyata,
nyata tan kaliru,
angruruh rasaning surat,
jroning surat keretan kang bangsa pasthi,
kang pasthi kita nuta.

  1. Yen wis sira ngerti bangsa
pasthi,
pasthi sira ginuron ing kathah,
kathah kethuh dadi breseh,
baresih dadi arum,
rum rumawar sarkaranya di,
adine kang sarengat,
mupangati tuhu,
tuhu yen niyakaningrat,
Nabi Rasul panutane wong sabumi,
Ngarab Mekah Madinah.

  1. Tanah Ngarab kang den irib-
irib,
kang den irib mring wong tanah Jawa,
amurih jawaban kabeh,
kabeh kang samya makmum,
kamakmuman sarengat Nabi,
iya nJeng Nabi duta,
dutane Hyang Agung,
kaluhurane ngagesang,
sangkanana tawekal agama suci,
suci-sucining raga.

  1. Sucinira ing raga puniki,
den uninga wilanganing raga,
kang manjing limang wektune,
wektu luhur puniku,
rekangate kawan prekawis,
iya alis maripat,
tira kalihipun,
dene kang ndarbeni ika,
Nabi Brahim malaekate Jabrail,
sakabate Bubakar.

  1. Waktu ngasar ya kawan
prekawis,
osikipun ing grana lan karna,
nJeng Nabi Yunus kang darbe,
dene malekatipun,
iya malaekat Mikail,
tuwin Bagendha Ngumar,
sakabatireku,
dene waktu magrib ika,
apan tigang rekangat kathahe singgih,
cangkem lan pupu karwa.

  1. Nabi Ngisa iku kang ndarbeni,
malaekat Ngijrail punika,
Bagendha Li sakabate,
waktu ngisa punika,
rekangate kawan prekawis,
iku osiking asta,
kekalih lan suku,
kang ndarbeni nabi Musa,
malaekat Ngisrail ingkang ndarbeni,
sabat Bagendha Ngusman.

  1. Waktu subuh rekangate kalih,
ing osiking badan lawan nyawa,
nJeng Nabi Adam kang darbe,
sakabatipun Arun,
marmanipun puniku kaki,
ana wektu lelima,
duk ing purwanipun,
kalane nJeng Nabi duta,
ingandikan dhumateng Hyang Maha Suci,
minggah marang ing swarga.

  1. Sapraptane binagya Hyang
Widhi,
jarwanira sabdane Pangeran,
sira bageya neng kene,
Muhammad satekamu,
saking dunya marang ing swargi,
apa leh-olehira,
kaki marang Ingsun,
Njeng Nabi duta turira,
attakhiyattul Illahi Maha Suci,
punika tur kawula.

  1. Winangsulan sabdane Hyang
Widhi,
ya Muhammad salamu aleka,
nJeng Nabi gupuh sujude,
ping lima dennya sujud,
Jabarail anulya angling,
mring Kangjeng Nabi duta,
tuwan Nabi Rasul,
wus pinasthi ing Pangeran,
umat tuwan limang waktu anglakoni,
wau kalane tuwan.

  1. Duk binagya ing Hyang Maha
Suci,
gupuh tuwan asujud ping gangsal,
punika tuwan mulane,
benjing umat sadarum,
dumugine ing dina akhir,
sami anetepana,
salat gangsal wektu,
nulya Nabi sinuguhan,
dhedhaharan sawarnine ing swarga di,
Jabarail gya ngatag.

  1. Nedha Tuwan dhahara tumuli,
pasihane Gusti Maha Mulya,
nJeng Nabi adhahar age,
sawusnya dhahar tuwuk,
Jabarail angatag malih,
nedha Tuwan telasna,
segahe Hyang Agung,
Kangjeng Rasul angandika,
sampun tuwuk kisanak nggen kula bukti,
Jabarail gya mojar.

  1. Wus pinasthi umat tuwan
benjing,
mung saduman ingkang manjing swarga,
de kang kalih pandumane,
manjing naraka mbesuk,
wau tuwan kalane bukti,
amung telas saduman,
iku purwanipun,
nJeng Nabi gepah angucap,
pundi sanak kula telasne ing ngriki,
Jabarail anulak.

  1. Boten kenging yen awola-wali,
wau tuwan inggih kula atag,
jare wus tuwuk saure,
Nabi asru gegetun,
ngemu waspa muwun ing galih,
sarwi amenggeh-menggah,
tobat ing Hyang Agung,
duk kalanira samana,
waktu ngisa ngandikan marang ing swargi,
subuh prapta ing wisma.

  1. Iya iku riwayating tulis,
apan terus lan panjinging raga,
sarta lan wewilangane,
lan malih wekasingsun,
pamuwusan ing wong abekti,
ing takbiratul ikhram,
gurokna satuhu,
lire takbiratul ikhram,
lamun sira wus ngawruhi ujar iki,
pindha wreksa cendhana.

  1. Iya iku patemon sayekti,
kang anembah iya kang sinembah,
wus tan ana sulayane,
ing paningal wus jumbuh,
datan ana nama kekalih,
masa si mangkonoa,
aja na kaliru,
kawula maksih kawula,
ingkang Gusti iya maksih nama Gusti,
mulane gurokena.

  1. Sira iku padha sun tuturi,
lamun sira arsa anggegulang,
ngelmu tekan sejatine,
sira awasna iku,
ing tembaga kalawan rukmi,
yen sira aranana,
tembaga puniku,
apan kaworan kencana,
kang utama rinacut dennya ngarani,
ingaranan suwasa.

  1. Basa suwasa linaras malih,
kuwasane kawula punika,
kang angsal wenang Gustine,
sasedyanira tutug,
nadyan silih kang para Nabi,
apan tepane ana,
Gusti Kangjeng Rasul,
duk kala kaseser yuda,
nulya mesu ing tingal ingkang sejati,
pra malaekat prapta.

  1. Apan samya arupa prajurit,
nunggang jaran sarwi sikep pedhang,
mungsuh sirna larut kabeh,
duk aprang neng gunung Kud,
Kangjeng Nabi supe ing Gusti,
kasoran ngungsi ngguwa,
kagutuk ing watu,
iku padha rasakena,
yen tembaga binesut supaya resik,
yen janma mesu raga.

  1. Mila tembaga binesut kaki,
pamrihipun aja kongsi nimbrah,
dadya ilang reregede,
yen wis ilang puniku,
kang tembaga lumebeng kowi,
winor lawan kencana,
sarta geni murub,
yen wis luluh kalihira,
upamane pamore kawula Gusti,
iku den rasakena.

  1. Yen tan wruha sasmita puniki,
angur sira aja mangan sega,
anyengguta suket wae,
dadi wong kacek buntut,
lawan kewan sira puniki,
lamun nora nyandhaka,
sasmita wus mungup,
ingkang maca kang miyarsa,
yen tan wruha sasmita sampun umingip,
sasat wijiling kewan.-





Dhandhanggula

         [ Residriya ]

  1. Becik tuture Seh Tekawardi,
sabarange pan maksih setengah,
sumendhe ingkang anggawe,
nora kepareng ngayun,
tan atilar dugi prayogi,
sabarang bebeneran,
tan atilar kukum,
netepi yuda negara,
tutur ingsun sadaya kang muni tulis,
samya den kawruhana.

  1. Wus lumrahe wong urip
puniki,
kudu luwih lan sesama-sama,
nanging ana pepancene,
pinasthi mring Hyang Agung,
ingkang dadi gedhe lan cilik,
kang sugih lan musakat,
mapan takdiripun,
kang wignya kalawan ora,
nadyan silih nggegulanga kongsi bukti,
yen dhasar bodho bubrah.

  1. Basa bubrah wekasane mati,
pae lawan kang pasthine wignya,
pintere non tinon wae,
nanging tan tinggal wuruk,
singa pinter nuli den ungsi,
tan etung basa wirang,
dennya peksa luhung,
nadyan dipun geguyua,
ing sinau marang sujanma linuwih,
miwah kang budi tama.

  1. mBesuk pinter den anggo
pribadi,
angluwihi lan sesama-sama,
dadi sujana arane,
ingkang pasthi balilu,
yen winulang ciptane isin,
ginuyu ing akathah,
dennya tuna luput,
bodhone sangsaya ndadra,
pangrasane awake pinter pribadi,
tan arsa dening warah.

  1. Iya iku dadine kang janmi,
duk alite den ugung ing yayah,
ketuwan nyusu biyunge,
anak dadi mbalilu,
bocah iku drema nglakoni,
balilu lan musakat,
saking bapa biyung,
pae lawan wong atuwa,
marang anak tan arsa ketuwan sapih,
malah kepara kurang.

  1. Watekane yen micara uwis,
mapan lepas pasanging grahita,
weweka winengku kabeh,
budi ala lan ayu,
wus wantune atimbang dhiri,
marma kang paribasa,
yen wus dhasaripun,
yen ala masa becika,
ingkang becik den kon ala nora keni,
mulih-mulih mring dhasar.

  1. Yen wong ala samubarang
kardi,
datan arsa meleleng kewala,
jer atine lumuh kabeh,
yekti enak wong nganggur,
awak abot tan betah ngelih,
nedya turu kewala,
telapukan suthup,
yen mangan tan arsa kurang,
barang katon den mangsa tan idhep isin,
amrih dhubure amba.

  1. Basa den ajak salah ing budi,
sukanipun kaya wong kondangan,
ujar tan metu kringete,
watekipun alengus,
sumantana lawan kemaki,
den ajak tetukaran,
iku sukanipun,
tan kadi janma utama,
datan arsa ing wirang remen taberi,
sinau barang karya.

  1. Datan pegat dennya asesirih,
barang pinangan niyat atapa,
lawan ana pakolehe,
yekti lamun ngalumpuk,
yen meleka kalawan bukti,
mapan setugel dina,
ya pamalesipun,
kaluwihane Hyang Suksma,
pan sadina anulya winales malih,
apan sadasa dina.

  1. Ing kamurahanira Hyang Widi,
sing sapa cegah turu lan mangan,
pan lelima pinanggihe,
sinung tingal kang lembut,
kang sinedya agelis prapti,
kalis sakehing beka,
upama wong iku,
yen nora nglakoni wirya,
anak putu iku ing tembe nemahi,
tan kurang sandhang pangan.

  1. Ingkang guna asarana sekti,
samya wiwit taberi ing kina,
dadya luhur derajate,
dene yen sampun punjul,
kapinteran ing wong sesami,
tumitah aneng dunya,
kabeh wekasipun,
aja katungkul ing nala,
barang karya elinga wekasing pati,
pratingkahe ngagesang.

  1. Aja lerweh sira maksih miskin,
pangot lading kari aneng njaba,
dipun angeman ilange,
tan ana tunggalipun,
nora nana ginarap wuri,
barang kang sira pangan,
sawetawisipun,
nganggoa duga prayoga,sa
kadare pan sira tinitah miskin,
aja sadaya-daya.

  1. Lamun sira tinitah asugih,
den weruha kasugihanira,
den kalal sarta jakate,
sedyanen dadi sangu,
angulati ngelmu sejati,
sidhekah aja pegat,
dana den lumintu,
asung sandhang wong kawudan,as
ung pangan sekathahing pekir miskin,
sakeh janma kasihan.

  1. Bandhanana wong kang setya
miskin,
kang utama mapan sawetara,
apan rumeksa dadine,m
arang raganireku,
aja pegat angolah puji,
tulusira wibawa,
ing pitutur ingsun,
apuluh sira kumeda,
marang dunya yen akeha milalati,
bandha anggawa nyawa.

  1. Lamun sira tinitah priyayi,
aja dhemen sira saba ndesa,ca
mah suda derajate,
balik kang den amengku,
mring wong cilik den wutah bukti,
prihen tresna ambapa,
pangucap den alus,
sakathahe kancanira,
pan ciptanen kadangira tunggil bibi,
aweh raharjanira.

  1. Lamun sira tinitaha kaki,
pan kinarya jaksa amradata,
den kadya traju esthane,
tajeme timbangipun,
pepakeme aja gumingsir,
aja melik ing dunya,
yen tan bener iku,
lan aja keguh ing srama,
wong kang padu lir ulam aneng jro warih,
kalebu ing bebara.

  1. Entasena saka ing piranti,
pincatana girahen lan toya,
kumbahen sabaresihe,
ratengana lan tutur,
ragenana lawan pisahid,
panggangen lan pariksa,
godhogen lan urub,
urubing nirna kumala,
ina jaksa jejeneng paliwareki,
yen ora mangkonoa.

  1. Jaksa jejeneng paliwareki,
rumasa-a yen sinilih sabda,
enenging ratu adile,
jaksa lir geni murub,
amadhangi ing wong sanagri,
surem ingkang nagara,
yen tan bener iku,
yen tan keguhing semara,
utamane kalamun kang jaksa ening,
tan arsa ing reruba.

  1. Jaksa iku lamun amiranti,
angrakita karananing janma,
anyenyungah kang tan sareh,
elingan tan gumunggung,
sapa sira kang kaya mami,
upamane singidan,
aneng pang kang luhur,
buktine godhong salembar,
supradene cecukulan den rasani,
angalap darbek ing lyan.

  1. Keh bawane wong angalap asil,
penyarikan alingan karopak,
pucuking pangot remite,
srati alingan angkus,
ki kemasan alingan api,
sungging anijra warna,
kaki tuwa buru,
pan iku pakaryanira,
upayanen wewelah kalayan jaring,
ngrakit wijiling tindha.- 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar