MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Aneka Pucung

Pocung


1.     Bapak pocung,
cangkemmu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung mutah kuwaya.

2.     Bapak pocung,
dudu mega dudu mendhung,
dawa kaya ula,
ancik-ancik wesi miring,
lunga teka si pocung ngumbar suwara.

3.     Bapak pocung,
salawase tansah bisu,
tan nate wicara,
nanging bisa gawe uni,
yen winawas kang mawas muni priyangga.

4.     Barang murub,
tan panas grayanganipun,
tan wonten sumbunya,
sinar gumebyar nelahi,
ceklag-cekleg gonta-ganti murub pejah.

5.     Gepeng alus,
pepaesan rupa bagus,
ngemperi manungsa,
uripe neng kelir putih,
yen tumindak agawe sengseming driya.

 




Pocung


1.     Dadya gawe
leganira bapa biyung,
gambir bang ngrembaka,
kalabang marga ing ratri,
suka rena memuji jroning wardaya.

2.     Muga-muga
oleha nugraha agung,
pamanguning jala,
prabuset kang sekar putih,
ngayanana marang kadang warganira.

3.     Lestaria
salamet salaminipun,
patih ing Mandura,
wreksa lajering pedhati,
lali bawa teka barang kang sinedya.

4.     Yen mangkana,
kabul ing panedhanipun,
ron leseh ing kisma,
pathining toya jaladri,
amuwuhi ing ajining yayah rena.

5.     Marmanipun
ingkang para siswanipun,
resi ing aldaka,
pandhita Ngendrakilardi,
engetana kang dadi bakuning raga.

6.     Gegodhane
sumengah lawan takabur,
tandanging surangga,
punggawa njeng sri bupati,
kalis marang pulung wahyuning nugraha.-

Pocung


1.     Dipun sami,
marsudi ing budinipun,
weweka den awas,
aja dumeh bisa angling,
den apantes masa kalane micara.

2.     Nadyan amung
sakecap yen nora patut,
prenahe wicara,
sadurunge den kaesthi,
awasana semune rewange lenggah.

3.     Lawan aja
sok meruha wong celathu,
aneng pasamuan,
ana pantes kang kawijil,
ana ora kang kasimpen ing wardaya.

4.     Wicara kang
kawetu aja kebanjur,
nganggoa prayoga,
arahen kang ngati-ati,
yen wus metu nora kena tinutuhan.

5.     Milanipun
den prayitna wong celathu,
aja sok supata,
pan iku regeding urip,
yen micara larangana ngucap tobat.



6.     Iku dadi
cilakane ing uripmu,
poma-poma padha,
den gemi wedaling lathi,
ing samangke supata ginawe dinan.-

Pocung

[ araning anak ]

1.     Merak uncung,
warak plencing kethek munyuk,
cecak ran sawiyah,
asu kirik celeng genjik,
mentas lair lumrahe ingaran jagar.

2.     Bulus ketul,
sapi pedhet udhet welut,
lele ran jabrisan,
beyes yuyu kodhok precil,
kasbut cebong yen buntute durung bundhat.

3.     Pitik kuthuk,
bebek meri banyak blengur,
kutuk ran kotesan,
beyongan kocolan kenging,
baya krete kucing cemeng kroto ngangrang.

4.     Cindhil tikus,
tobil kadhal babi gembluk,
wil anak danawa,
menthog endhel uga minthi,
karan kompreng anake kidang menjangan.-




Pocung


1.     Mirah ingsun,
surya diwasaning laku,
sajroning anendra,
mung sira wae kaesthi,
kukus gantung ngalilir katon gumawang.

2.     Yam-yam tilam
pajiwataning jinem rum,
adhine pun kakang,
nila paka jayeng warih,
baya sira kumalaning pagulingan.-


Pocung


1.     Gagat bangun
rahina ing wancinipun,
sumirat bang wetan,
marakata anelahi,
sang Hyang Surya amadhangi jagad raya.

2.     Mungup-mungup
aneng sapucaking gunung,
sakedhap katingal,
surem-surem esmu kingkin,
denirarsa anggayuh jagat duksina.

3.     Samya wangsul
lawa kalong bangsanipu,
luru pandhelikan,
jrih lamun kawruhan janmi,
ana ingkang manjing jroning pupus pisang.


4.     Surya dhuwur
Ywang Arka denira mumbul,
busekan pra janma,
apan samya nambut kardi,
kanthi patrap sumendhe maring Hyang Sukma.  

Pocung

[ Semar ]

1. Semar iku,
pamonging satria agung,
trahing Witaradya,
tut wuri pan andayani,
datan kewran salwiring reh saniskara.

2.     Semar iku,
nora wadon dudu jalu,
kalamun jalua,
dhadha mungal lir pawestri,
yen estria akekuncung  gegombakan.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar