Maskumambang
1.
Analangsa ngalumpruk bayu
ngalentrih,
asor kasangsara,
kasurang-surang
ing urip,
urip neng jaman
jajahan.
2. Nadyan duwe kuwanen
ingkang linuwih,
wurung tan kuwasa,
tinindhes tan bisa tandhing,
mring dhendhaning kang pidana.
3. Nistha papa luwih aji
godhong garing,
nadyan bisa dadya,
radyan Bei pangkat inggil,
tetep alating jajahan.
4. Kanggo pranti
mbalenggu
bangsa pribadi,
ben padha bentrokan,
bubrah datan bisa budi,
sing njajah abungah-bungah.
5. Penget iki pepethan
mangka
pepeling,
tumrap para putra,
dadia tepa palupi,
tetepa madeg mardika.-
Maskumambang
1. Wong tan manut
tuture
wong tuwa ugi,
pan nemu duraka,
ing donya tumekeng akir,
tan wurung kasurang-surang.
2. Maratani mring anak
putu
ing wuri,
den padha prayitna,
aja na kang kumawani,
ing bapa tanapi biyung.-
Maskumambang
Heh Harjuna sira sisip ing pakarti,
tan pracaya Kresna,
mung nguja hardaning kapti,
temah asor ing ngayuda.-
Maskumambang
Marma urip ywa ngumbar hardanireki,
begja myang cilaka,
sayekti amung sadermi,
angundhuh pakartinira.-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar