MUSSS

Rabu, 01 Maret 2017

Aneka Sinom

Sinom

[ gara-gara ]

Isining kang gara-gara,
bumi langit gonjang-ganjing,
horeg obah kang pratala,
lindhu ping pitu sahari,
umob kang jalanidhi,
gumaludhug guntur ketug,
solahe para janma,
pati-pati ambentusi,
sirna larut katempuhing panca baya.-

Sinom


1.     Laksitaning janma tama,
ambeg rereh raras ririh,
tan tinggal duga prayoga,
reringa tansah liniling,
lamun micara manis,
netya sumeh semu arum,
tanggap nging nora calak,
kawignyan dineleh wuri,
ngarah-arah nut wahyaning kala mangsa.

2.     Kaluwihaning sujanma,
yekti liyan kang mastani,
nora ginunggung priyangga,
saparan-paran cariwis,
lumaku den eringi,
tinuruta kang kinayun,
kehing janma cinacat,
anggepe wus maha suci,
wong mangkono yen kadurus temah rusak.


3.     Marmane para satriya,
kang padha ambeg utami,
ingaguna sarjuningrat,
ngenaki tyase sesami,
ujare kuna nguni,
yen ana satriya agung,
darba ambeg mangkana,
Hyang Sukmaya nugrahani,
kang derajad uripe nyrambahi praja.

4.     Lah endi para satriya,
darajade kaya iki,
kawentar kentar pra ningrat,
waleh-waleh wong wineling,
marang si bapa nguni,
saiki kang lagi kombul,
drajating kasatriyan,
sapraja mung siji iki,
antarane momot amoting wardaya.-

Sinom

[ grandhel ]

Memanismu kang ngujiwat,
agawe rujiting galih,
mara apa kang sinedya,
upama mundhuta rukmi,
tartamtu tak turuti,
ibarat wong numpak prau,
lumampah tanpa welah,
neng madyaning [ tengahing ] jalanidhi,
temah gonjing anggenjong neng pagulingan.-

 



Sinom


1.     Tanahku Indonesia,
kang dahat ingsun pepundhi,
gemah aripah santosa,
kerta arja loh jinawi,
jembar tebaning nagri,
kinubeng samodra agung,
Pasifik sisih wetan,
ing kidul samodra Indi,
dadya pusat dagang lan manca nagara.

2.     Akathah kang nuswa-nuswa,
Sumatra lan pulo Jawi,
Sisih elor Kalimantan,
wetane ing Sulawesi,
pulo Lombok lan Bali,
myang kapuloan Maluku,
nglanjak tekeng Irian,
durung kapetung kang alit,
Sumba Flores Sumbawa lan Timurira.

3.     Sun pepuja sira benjang,
pepundhen Ibu Pratiwi,
kuwata tulus mardika,
tata tentrem jroning nagri,
rakyat sungkem ngugemi,
Pancasila kang satuhu,
tuhuning kamardikan,
kombul kabudayaneki,
sesangune sumbang sih mring jagad raya.-

 

 





Sinom

[ Tahu tempe ]

Wajibing urip bebrayan,
nyampeti betah sakalir,
anak bojo kulawarga,
kudu rigen lan nastiti,
ing saben rina wengi,
ora cumpreng waton rukun,
mranata kulawarga,
janji nrima lair batin,
tahu tempe lawuhe mung krasa nikmat.-

1 komentar:

  1. Menawi kepareng badhé ndherek nyuwun pirsa.
    Inggih punika Sekar Sinom kasebat nginggil ( Kaluwihaning sujanma...), punika kalebet Serat punapa, sarta anggitanipun sinten nggih.
    Awit isinipun saé sanget kanggé pepeling anak-putu murih boten nulad tumindak kados sinwung sekar pupuh kapingvkaih.
    Matur nuwun.

    BalasHapus